Jawa Pos TV Surabaya kacekak Jawa Pos Media Televisi, ya JTV Jawa Timur iku sawijining télévisi swasta regional Kutha Surabaya, Jawa Wétan.
JTV kagolong télévisi swasta regional kapisanan kang ana ing Indonésia kagolong uga gedhé dhéwé. JTV kang duwé frekuensi kang sumebar ing laladan Provinsi Jawa Wétan kanthi trestrial, uga bisa katampa ing sakabehané panikmat TV ana ing Indonésia, Malaysia, Brunei Darussalam, Filipina lan sapérangan Australia minangka pamancar parabola déning satelit Telkom 1, lan fasilitas télévisi kang langganan TelkomVision.
Jawa Pos TV SurabayaPT. Jawa Pos Media Televisi | |
---|---|
Slogan | "JTV Rek!" |
Diluncuraké | 8 November 2001 |
Sing duwé | Jawa Pos Group |
Kantor pusat | Surabaya, Jawa Wétan |
Stasiun télévisi JTV kagolong sajeroning anggota jaringan JPMC lan kalebu ing Grup Jawa Pos. JTV saliyané dadi télévisi kang ana ing Jawa Wétan uga duwé afiliasi ariwarta lan stasiun télévisi ing Indonésia kaya ta SBO TV (Surabaya), Malioboro TV (Yogyakarta), PJTV (Bandung), RCTV (Cirebon), Bogor TV (Bogor), MKTV (Jakarta), PAL TV (Palembang), Padang TV (Padang), Jambi TV (Jambi), Jek TV (Jambi) dan Fajar TV (Makassar). Uga dadi biro JTV ing Jawa Wétan kang ngayéomi 7 kabupatèn kaya ta Malang, Jember, Banyuwangi, Kadhiri, Madiun, Bojonegoro lan Madura. Dahlan Iskan (CEO Grup Jawa Pos) nargetkan JTV bisa lairake 20 TV lokal ing saben taun
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article JPM Surabaya, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.