Ivo Andrić (Sirilik: Иво Андрић; 9 Oktober, 1892—13 Maret, 1975) iku siji panulis novèl saka Yugoslavia, panulis carita cekak, lan pemenang Bebungah Nobel taun 1961 babagan Sastra saka Yugoslavia (lair ing Bosnia-Herzegovina, kang wektu semana isih dadi péranganing Yugoslavia).
Novèl karangané en:The Bridge on the Drina lan Chronicles of Travnik / The Days of the Consuls carita ngenani kaanan kauripan ing Bosnia ing sangisoré kauwasan Kakaisaran Ottoman.
Ivo Andrić | |
---|---|
Pakarya | Novelis |
Bebungah utama | Bebungah Nobel Sastra 1961 |
Andrić lair 9 Oktober, 1892 saka wong tuwané kang ètnik Kroat ing désa Dolac cedhak Travnik, Bosnia-Herzegovina, kang dadi péranganing Kakaisaran Ottoman, banjur sikuwasani séning Ostenrik-Hungaria. Jeneng asliné Ivan, nanging banjur kondhang kanthi undang-undangan (mangsa cilikan) Ivo. Nalika Andrić umur rong taun, bapaké tilar donya. Amarga ibuné ora kuwawa nggedhèkaké, banjur Ivo dirumat déning seduluré ibuné kang manggon ing Bosnia wétan yaiku ing kutha Višegrad ing pinngir Drina. Ing kutha iki Ivo ngerti kreteg Ottoman, kang banjur dadi novelé kang misuwur yaiku The Bridge on the Drina.
Bahan carita karangan Ivo mligi dijupuk saka sajarah, folklore, lan budaya tlatah asalé Bosnia.
Kabèh mau dirilis ing taun 1945 lan ditulis sajeroning Perang Donya II sawatara Andrić manggon ing kutha Beograd. Buku-buku mau uga dikenal minangka siji "trilogi" amarga dirilis ing wektu kang padhaa lan ditulis amèh bebarengan. Sanadyan mangkono, karya-karya mau mung kahubung déning téma, nanging sabeneré wujud karya-karya kang mandhiri.
Karya liyané kang populèr:
Wikicuplik duwé cuplikan ngenani: Ivo Andrić |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Ivo Andrić, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.