Hibiscus Syriacus

Hibiscus syriacus (syn.

Hibiscus syriacus
Hibiscus Syriacus
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Malvales
Famili: Malvaceae
Génus: Hibiscus
Spésies: H. syriacus
Jeneng binomial
Hibiscus syriacus
L.

Althaea frutex Hort. ex Mill.), inggih punika taneman mawi kembang saking jinis Hibiscus, dipunsebat ugi Kembang Sharon. Taneman punika kathah tuwuh ing Asia lan asalipun saking famili Malvaceae. Wujudipun kembang kados vas lan pang-pangipun saged dumugi 2–4 m inggilipun. Taneman punika nglampahi kembang biak ing wewengkon kanthi mangsa panas ingkang anget. Sekaripun gadhah warni putih, jambon, abrit, lan ungu.

Kembang nasional Koréa Kidul

Wonten ing Basa Koréa, Hibiscus syriacus dipunwastani mugunghwa (무궁화; 無窮花), kalebet kembang nasional Republik Koréa . Kembangipun boten gadhah praupan ingkang ramé lan wanginipun kuwat saéngga katingal biyasa kemawon. Sanajan makaten, kembang punika dipunwastani minangka gambaran karakter nasional rakyat Koréa. Kanggé tiyang Koréa, mugunghwa dados simbol keprigelan, kelembutan, lan keteguhan . Sanajan sampun dipunremeni dangu, mugunghwa naté boten dipun-gantos amargi panguwaos Koréa langkung milih kembang pir (i-hwa) minangka simbol. Mugunghwa dipunpilih minangka kembang nasional déning rakyat Koréa nalika masa Penjajahan Jepang (1910-1945) lan dipuntandur kanthi wiyar minangka simbol perlawanan kanggé nywantunaken kamardikan. Kembang mugunghwa mekar kanthi dangu 100 dinten, saking Juli dumugi Oktober langkung dangu tinimbang kembang sanèsipun. Kembang taneman sanès punika layu manawi sampun sadinten, nanging mugunghwa katingal tetep seger pinten-pinten dinten. Sipat punika ingkang dados inspirasi kanggé rakyat Koréa nalika nglampahi kasengsaran awit saking penjajahan.

Mugunghwa sampun dipuntepangi déning bangsa Koréa saking jaman kuna. Wonten ing cathetan sajarah babagan karajan Gojoseon (2333 SM-108 SM), Handan-gogi, kembang punika dipunparingi nama hwanhwa, mokkeun utawi geunhwa. Setunggaling dhokumèn diplomatik Silla (57 SM-935) ingkang dipunkintun kanggé Dinasti Tang mawi isi rèferènsi ingkang sinerat bilih Silla punika negri ingkang kebak wewangian geunhwa. Kajawi punika koleksi géografis Cina, Shanhaijing (Gunung lan Lautan Klasik) lan Gujinzhu ("Ensiklopedia") ingkang dipunsusun nalika jaman Dinasti Qin (221 SM-206 SM) nyerataken rèferènsi babagan Koréa minangka negri ingkang wonten mugunghwa lan tuwuh kanthi subur.

Istilah mugunghwa dipun-ginakaken saking jaman Goryeo (918-1392) wonten ing Dongguk isanggukjip (Koleksi Karya Mantri Yi) ingkang dipunserat déning Yi Gyu-bo (1168-1241). Nalika masa Goryeo lan Joseon, raja paring bebungah sarjana ingkang lulus (gwageo) kaliyan mugunghwa kertas. Tembang Aegukga ingkang dipunkomposisiaken nalika taun 1907, salah satunggaling cakepanipun mugunghwa samcheolli hwaryeo gangsan utawi pesona 3000-li sadaya negri ingkang dipunkebaki mugunghwa. Para pamimpin Koréa asring ndhèrèekaken keteguhan kembang mugunghwa wonten ing sesorah kanggé nuwuhaken kesadaran nasional.

Cathetan suku

Pranala njawi

Gladri

Tags:

Hibiscus Syriacus Kembang nasional Koréa KidulHibiscus Syriacus Cathetan sukuHibiscus Syriacus Pranala njawiHibiscus Syriacus GladriHibiscus SyriacusAbangAsiaHibiscusJambonKembangMalvaceaePutihUngu

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Kabiskopan ColimaAmérika LatinBima (paraga Mahabharata)MyanmarAlisFisikaKajiEllyas PicalAriana GrandeWangsalanSugriwa1384Tenggelamnya Kapal Van der Wijck (filem)Adolf HitlerNéonꦮꦭꦶꦏꦸꦛBedhugÉkosistemSurat An Nisaa’IndonesiaAyat Ayat CintaKarbonWishnutamaSanépaSurat Adh DhuhaWiki CommonsKenongUp (filem)RuwatanAndre TaulanyRerengganRukun Iman2 DhésèmberLembaga Pemerintah Non DepartemenLangkap, Burneh, BangkalanMasjid Menara KudusKinanthiISBNWordPressArjunaKaskusMoaiSepongBlangkonArtikelYodiumS.S. LazioSerangan 11 Sèptèmber 2001ꦏꦼꦩ꧀ꦥꦸꦭ꧀Kim Tae-heeWibisanaMonumèn NasionalBrad PittWayang golèkBulusTaling tarungWunguꦥꦿꦶꦁHasyim Asy'ariePeking (gamelan)Rowan AtkinsonDemungꦊꦥꦼꦠ꧀JawawutWikipédiaMahfud MDIndonésiaꦧꦼꦝꦸꦒ꧀WikisastraNovèlMi rajang ladingPaculAksara CarakanPada pangkatHappy AsmaraDadar gulung🡆 More