Tetanduran Salam

Salam (jeneng Latin Syzygium polyanthum.

Salam
Tetanduran Salam
Godhong Salam
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Myrtales
Famili: Myrtaceae
Génus: Syzygium
Spésies: S. polyanthum
Jeneng binomial
Syzygium polyanthum
(Wight) Walpers

E. lucidula Miq., atawa Eugenia polyantha), utawa luwih sok diarani Godhong Salam ya iku salah siji rempah wujud godhong sing bisa digunakaké dadi bumbu masakan. Godhong salam uga bisa kanggo nambani manéka lelara.

Tandhuran Salam kang kalebu godhong rerempahan, racaké kanggo bumbu masak bisa kanggo nambani diare, kencing manis, kolesterol lan liyan-liyané. Pérangan kayu lan oyot uga duwé khasiat obat. Salam ditandur dijukut godhongé kanggo bumbu masak, kulit kayune kanggo bahan pewarna jala atawa anyaman pring. Uwohe bisa dicangkok lan distek.

Jeneng laladan

Wit Salam iki duwé jeneng liya, ya iku:

  • Gowok, Salam (Sunda)
  • Manting, Salam (Jawa)
  • Kastolan (Kangean)
  • Meselangan, Ubar serai (Melayu)
  • Salam (Indonesia)
  • Salam (Madura)
  • Salam (Ambon)
  • Indonesian bayleaf, Indonesian laurel, Indian bayleaf (Inggris)
  • Indonesiasche Lorbeerblatt, Salamblatt (Jerman)

Khasiat godhong salam

Godhong Salam kanggo usada:

  • Kolesterol tinggi
  • Kencing Manis (Diabetes Mellitus),
  1. Godhong Salam 75-100 gr digodhog nganggo banyu 3 gelas nganti separoné. Banyu godhogané didhemké lan disaring, diombe sadina kaping telu, saombenan setengah gelas.
  2. Dina kapindho, Godhong Salam sing wingi bubar digodhog ditambahi banyu 3 gelas manèh. digodhog manèh nganti separoné. Diombe kaya dina pisanan.
  3. Dina katelu. Godhong Salamé diganti sing isih anyar digodhog manèh lan diombe kaya dina-dina sadurungé.
  4. Kaya mangkono saterusé nganti kadar gula normal.
  • Blegudreg (Hipertensi)
  • Radang lambung/maag (gastritis)
  • Mencret, 15 lembar Godhong Salam digodhog nganggo rong gelas banyu udakara limalas menit. Sawisé adhem diwènèhi uyah sithik, banjur diombe.
  • Mabuk amarga alkohol, segegem woh salam dibebeg nganti alus, peres lan saring, banyuné diombe.
  • Antioksidan
  • Asam urat
  • Gatel-gatel, Godhong Salam lan kulit wit utawa oyode, kumbah, banjur digiling nganti alus. Tambahi lenga klapa. Usapaké ing kulit sing gatel.

Kandungan kimia

Godhong Salam duwé kandhutan lenga atsiri (seskuiterpen,lakton, fenol), tanin, triterpen, alkaloid, saponin lan flavonoid

Morfologi tuwuhan Salam

Dhuwuré tekan 25 m, batang bunder, kulit kayu lunyu, oyoté tunggang. Dawané rangkai Godhong 0,5–1 cm. Godhongé ana kang lonjong, elips lan ana kang bunder telur sungsang, pucuké lancip, bongkoté lincip, pinggiré rata, balungé godhong menyirip, godhong pérangan dhuwur warnané ijo tuwa, pérangan ngisoré ijo enom, dawané watara 5–15 cm, ambané 3–8 cm, manawa diremes mambuné wangi . Kembang majemuk kasusun kanti rupa malai kang metu saka pucuking epang, warnané putih, mambuné wangi . Uwohé buah buni, bunder diameteré watara 8–9 mm, uwoh kang esih enom warnané ijo, manawa wis mateng warnané dadi abang tuwa, rasané rada sepet . Wijiné bunder. Diameteré watara 1 cm, warnané soklat .

Cathetan suku

Cithakan:Bumbon crakèn

Tags:

Tetanduran Salam Jeneng laladanTetanduran Salam Khasiat godhong salamTetanduran Salam Kandungan kimiaTetanduran Salam Morfologi tuwuhan SalamTetanduran Salam Cathetan sukuTetanduran SalamBumbu

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Kabupatèn Penajam Paser LorHajar AswadDuryodanaWaring Wéra WanuaBèkelanWikiNarkobaRépublik Rakyat CinaBrandon SalimParibasan JawaPanambangTupigBremPallywoodPSV EindhovenKahitnaMasuk anginBasaSoerjadi SoerjadarmaLos AngelesTvOneGravitasiYono DaryonoKerata basaWong BantenSega gorèngParto PatrioHeather StormAlamSumitro DjojohadikusumoMikul dhuwur, mendhem jeroGiovanni van BronckhorstPerang Donya IISepasaranKethoprakPrabu MatswapatiSurjanJesse JamesWikisumberInggrisJeff BezosPersija JakartaKarbitParibasanSutradharaTahu petisKebo ilang, tombok kandhangSunan AmpèlAksara JawaSanépaGongSutomoMat SolarVeve ZulfikarWalisangaSetiawan DjodiYodiumYérusalemBekicotTata SuryaKutha NgayogyakartaWhatsAppYupiterBedaliHanyu PinyinMahfud MDMuhammad Arsyad al-BanjariKunirMia KhalifaReza RahadianKebayaKuwé pancongAksara PégonKomengWikimania🡆 More