Endhog Paskah: Endhog hias

Endhog Paskah ingkang dipundum nalika dinten riyaya Paskah sajatosipun boten kalebet tradhisi gréja utawi Kristen.

Wonten nagari Éropah wonten tradhisi kanggé ngrayakaken mangsa-mangsa. Déwa mangsa Semi, ingkang namanipun "Eostre" punika déwa ingkang dipunsembah nalika karaméan "vernal equinox". Nama déwa punika lajeng dipunanggé nama dinten Paskah inggih punika Easter wonten ing basa Inggris. Mangsa semi punika ugi dados pratandha taun ingkang énggal ing nagara ingkang gadhah sekawan mangsa punika. Nalika abad-abad ingkang sepindhahan, tradhisi punika boten saged dipunéwahi amargi dinten riyaya paskah punika limrahipun dipunrayakaken nalika mangsa semi. Perayaan mangsa semi punika dipunpéngeti kanthi gumbira amargi ninggalaken mangsa dingin ingkang beku amargi boten wonten tetuwuhan ingkang tuwuh. Mangsa dingin dianggep sepi saha mati. Amargi kathah tetuwuhan ingkang sami tuwuh saha kathah sekar ingkang sami mekar, saha kaanan ingkang gumbira ndadosaken kaanan punika jumbuh kanggé maringi bebungah tumrap kanca saha sadulur. Tradhisi mbagekaken endhog Paskah lajeng dipuntampi kaliyan gréja, punika amargi kanggé mengeti mangsa semi ugi amargi endhog Paskah punika nggambaraken kauripan utawi wiji ingkang mangke bakal tuwuh lan ngrembaka ing kauripan. Endhog Paskah kathah ingkang dihias nganggé warna-warna. Werna abrit punika kanggé simbol rahipun Kristus déné warna ijo punika kanggé simbol tunas-tunas énggal ingkang wiwit tuwuh nalika mangsa semi.

Endhog Paskah: Endhog hias
Endhog Paskah

Cathetan suku


Tags:

AbritBebungahDintenDéwaGréjaIjoInggrisKristenPaskahWijiÉropah

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

PteranodonSerat Centhini190093Yamaha L2 Super1528Gunung Seulawah AgamUcengMoldhophaPoligamiWong JawaBasa IndonésiaWalabiWuku PahangAsmaradanaWindows VistaGumunLos AngelesBeershebaSerat Bimapaksa1951Sega kerabuSemir rambutSanna MarinBaktèriMaliOrbit4 Januari2000Alina Kukushkina38Bale Sigala-galaFrancesco RediPangidhèntifikasi Obyèk DigitalMohammad HattaSurat Al QadrSadéwaWikiquoteEmprit kajiJanet JacksonPratélaning nagara bagéan Amérika Sarékat miturut cacah sirahPratélaning blegering OstenrikMetro-Goldwyn-MayerSurat Al Muzzammil1975Tlaga TobaTembung ngoko jenengPaus Fransiskus72BeskapRuwatanDépartemèn ing PrancisRay SahetapyMesin dieselKemanggaPersijap JeparaJonathan FrizzySurat Al JinSetuOlimpiade Musim Panas 2012ꦆꦤ꧀ꦝꦺꦴꦤꦺꦱꦶꦪꦃFilemCacah sirahPrastawa BudayaKabupatèn Konawé KidulGanésaCak PercilLintas platformHarold JeffreysTajikistanNikosiaPengilonLawang SèwuPaléozoikumKumbakarnaSegara Galiléa🡆 More