Usus Rolas Driji

Usus rolas driji utawa duodenum iku péranganing usus alus kang papané sawisé lambung lan nggandhengak karo usus kosong (jejunum).

Pérangan usus rolas driji wujud pérangan paling cendhak saka usus alus, diwiwiti saka bulbo duodenale lan pungkasané ing ligamentum Treitz.

Usus Rolas Driji
Usus rolas driji (duodenum)

Usus rolas driji iku organ retroperitoneal, kang ora kabungkus kabèh déning selaput peritoneum. pH usus rolas driji kang normal kisarané ing sangang drajat.

Jeneng duodenum asalé saka basa Latin duodenum digitorum, kang tegesé rolas driji.

Fungsi

Usus rulas driji duwé tanggung jawab kanggo nyaluraké panganan nuju usus alus. Sacara histologis, ana klanjer Brunner kang ngasilaké yiyid. Dhindhing usus rolas driji kasusun saka lapisan-lapisan sel kang tipis banget kang mbentuk mukosa otot.

Pérangan-pérangan

Usus rolas driji kapérang dadi patang pérangan kanggo nggampangaké pamaparan.

Pars superior

Pérangan kapisan, ya iku pars suoerior diwiwiti saka pungkasané pilorus. Banjur saluran bakal mbelok ning lateral tengen. Pérangan iki dawané 5 cm.

Pars descendens

Pérangan kapindho, pars descendens nerusaké pérangan kapisan. Pérangan iki wanguné saluran lurus mudhun.

Ing pérangan iki ana muara saka duktus pankreatikus lan duktus biliaris communis kang nyawiji dadi duktus hepatopankreatika. Saliyané iku, ana uga sawijining tonjolan kang karan papilla duodeni.

Pars horizontalis

Pérangan katelu, pars horizontalis wanguné saluran lempeng dhatar, ngliwati vena cava inferior, aorta, lan balung mburi.

Pars ascendens

Pérangan paling akir, pars ascendens wanguné saluran munggah lan pungkasané ing awal usus kosong (jejunum).

Tags:

Usus Rolas Driji FungsiUsus Rolas Driji Pérangan-péranganUsus Rolas DrijiLambungUsus alusUsus kosong

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

MarsSMK Negeri 2 BloraTapéPoseidonAgus SalimSpinosaurusPlutoBasa InggrisOksigènUlu Rawas, Musi RawasBumiPatih SuwandaIndhonésiaOrbitBromPeking (gamelan)ASurat Al JinEmprit kajiLiga Utama InggrisWuku PahangRomaniaSetuIgnatius LoyolaSepasaran38AstinapuraPaus Fransiskus23Jonathan FrizzySurat Al QadrYoga wudaBasa JawaPersikJayaningrat (Patih Surakarta)Juan MataAustralopithecusSekakPamanasan globalSurat Al An’amLimas (Wangun)Francesco RediTembung ngoko jenengTembung nimbali lan ngaturiTitilarasUtahPapaIrakSurat Adh Dhuha48JihadStegosaurusWuku4 JanuariIndonesiaAnggaranRay SahetapyBrandon Salim1898KarnaRumeni7 Novèmber1900JuniKim Hyun-joong39Segara AbangSMP Negeri 3 Kartasura1918Prastawa Budaya1961🡆 More