Burj Khalifa

Burj Khalifa (basa Arab: برج خليفة), wiwitanipun dipunmangertosi minangka Burj Dubai, inggih punika salah satunggalipun penyakar langit ingkang inggil sanget ingkang jumeneng ing Dubai, Uni Emirat Arab, lan ugi dados struktur wangunan manungsa paling inggil ing sajarah, inggilipun inggih punika 828 méter (2.717 kaki).

Wangunan punika dipunyasa wiwit tanggal 21 September 2004, lan struktur sisih njawinipun dipunsumadyakaken nalika tanggal 1 Oktober 2009 lan dipunbikak resminipun ing tanggal 4 Januari 2010.

Burj Khalifa
Lokasi Dubai, Uni Emirat Arab
Status Selesai
Groundbreaking 21 September 2004
Pambukaan 4 Januari 2010
Panggunaan Mixed-use
Dhuwur
Antena/Pucuk 828 m (2,717 ft)
Payon 828 m (2,717 ft)
Lantai Dhuwur 621.3 m (2,038 ft)
Detail teknis
Gunggung lantai 160 lantai yang dapat dihuni
Area lantai 334,000 m2 (3,595,100 sq ft)
Perusahaan
Arsitèk Skidmore, Owings and Merrill
Insinyur
Struktural
Bill Baker at SOM
Kontraktor Joint venture between Samsung C&T, Besix; and Arabtec
Supervision Consultant & Architect of Record Hyder Consulting
Consutruction Project Manager Turner Construction
Grocon
Planning Bauer AG and Middle East Foundations
Lift contractor Otis
VT consultant Lerch Bates
Developer Emaar

Wangunan punika kalebet proyèk pembangunan ageng jembaripun 2 km persegi (490 hektar) ingkang dipunmangertosi minangka Downtown Burj Khalifa ing margi Syeikh Zayed, satunggalipun wewengkon paniagaan utami ing Dubai. Skidmore, Owings, lan Merrill, LLP (Chicago) dados parancang menara punika. Bill Baker, ketua proyèk damel wangunan punika, ngripta sistem struktur saéngga saged damel wangunan punika inggil sanget. Adrian Smith ingkang nyambut damel sesarengan kaliyan Skidmore, Owings, lan Merrill (SOM) saéngga taun 2006, gadhah tugas minangka rekanan proyèk wangunan punika.

Sedaya dana ingkang dipunanggé kanggé yasa menara punika inggih punika ngantos 1,5 milyar dollar Amérika, lan kanggé sadaya proyèk Downtown Dubai gunggungipun 20 milyar dollar Amérika.

Cathetan suku

Pranala njawi


Tags:

1 Oktober20042009201021 September4 JanuariBasa ArabDubaiManungsaUni Emirat Arab

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Najelaa ShihabSabuk astéroidJenang sungsumGajah gajahDinaWikipédia basa JawaPandhawaQatarTadashi MaedaKi Hadjar DewantaraSundaeNarkobaAryo Wahab2020-anNaffLucien Lévy-BruhlTembung YogyaswaraMario MaurerOmah adat JawaLegawaWhatsAppKebo bulé mati sétraSerat WulangrèhTeuku RyanThe ChangcutersMetanaBaworTata SuryaBumiDagestanKamentrian Kaséhatan Republik IndonésiaAmien RaisKriptonMajapaitBambang PamungkasKhulafaur RasyidinVeve ZulfikarAsmaradanaSurat Al BaqarahKomando Daerah Militer III/SiliwangiAri WibowoPlanit cilikBasa Jawa KramaAnak Jalanan (sinetron)Surat Al IkhlashLaura BasukiCoboy JuniorBlangkonSMK Negeri 2 BloraSepur JoglosemarkertoKarim BenzemaXHamsterCut Nyak MeutiaDuryodanaWangsalanISO 4217Krajan Sumedang LarangPasirwangi, GarutKarbonSesorahNawawi al-BantaniPulusNeptunusBanjirTyo NugrosLondonJamur merangKutha SurabayaGemblongFacebookRuwatan🡆 More