Bradley Wiggins

Bradley Wiggins yaiku salah sawijining pembalap pit kang asalé saka Inggris.

Bradley Wiggins duwé jeneng jangkep yaiku Bradley Marc Wiggins lan duwé gelar saka karaton Britania Agung Sir Bradley Wiggins. Wiggins lair ing kutha Gènt, Bèlgia surya kaping 28 wulan April taun 1980, yèn diétung umuré wis ngancik 39 taun. Wiggins biyèn sepisan naté didhapuk minangka pembalap sepédhah paling mumpuni ing Britania Agung kuwi lumrah jalaran préstasi kang dipikolèhi déning dhèwèke yaiku dadi pembalap Inggris Raya kang menangi lomba balap sepédhah kelas donya yaiku Tour de France ing taun 2012.

Bradley Wiggins
Informasi pribadi
Jeneng jangkepBradley Marc Wiggins
Jeneng celukanWiggo/The Kilburn Flyer
Dhuwur1.90 m (6 ft 3 in)
Bobot69 kg (152 lb; 10 st 12 lb)
Rékor tandhing
Tim saikiPensiun
DisiplinBalap Sepédhah
PosisiPembalap Sepédhah
KategoriIndividual pursuit
Time trialist
All-rounder

Kauripan

Bapaké Bradley Wiggins yaiku Gary Wiggins satemené yaiku uga pembalap sepédhah saka Ostrali. Wiggins lair dudu saka kulawarga kang sugih blegedhu, nalika isih enom Linda ibuné kudu utang dhuwit akèhé 50 èwu poun kanggo nyokong gegayuhané Wiggins dadi pembalap sepédhah lan dhèwèké rumangsa kapotangan budi marang ibune.

Karir

Wiwitan kariré Bradley Wiggins wis katlacak nalika dhèwèké isih ing tingkat yunior kanthi olèh juwara ing kajuwaraan Junior Track Championship ing taun 1998. Awit saka kuwi dhèwèké banjur menangi manèh enem kajuwaraan donya ing trèk balap, telu individual pursuit, loro team pursuit, lan siji ing Madison. Kang gawé gilap manèh yaiku rékoré Winggins yaiku dadi pembalap sepédhah kang menangi medhali emas kaping telu ing Olimpiadhe kanthi urut-urut ing nomer individual pursuit (Olimpiadhe Athena 2004 lan Olimpiadhe Béijing 2008), sarta ing nomer team pursuit (Olimpiadhe Béijing 2008 lan Olimpiadhe Rio de Janéiro 2016), lan sawisé pangowahaning nomer balap menyang trèk aspal nomer time trial.

Lelakoné Wiggins ing balap sepédhah luwih suwé dilakoni bareng klub saka Prancis kang uga asring nggayuh suksès. Kuwi ora kalebu dhèwèké nalika olèh rangking kapapat ing kajuwaraan balap sepedhah kang kaloka yaiku Tour de France, kang sadurungé Wiggins didhapuk minangka pembalap kang nyekel kategori time trial kang bisa dadèkaké dhèwèké juwara ing Tour de France taun kasebut. Sawisé alihan menyang tim Sky, Wiggins mimpin pikolèhan poin kanggo timé, nanging ing taun 2010 dhèwèké amung bisa rampung balapan ing rangking 24. Malah setaun sawisé Wggins nemahi kacilakan. Ing taun balap 2012 dhèwèké mimpin pikolèhan poin umum jalaran menang ing séri Paris - Nice, Tour de Romandie, lan Critérium du Dauphiné. Telung balapan gedhé ing sajeroning kalèndher balap sepedhah lan dadèkaké dhèwèké pentholan balap sepédhah kang digadhang-gadhang bakal menang balapan Tour de France taun kasebut. Wiggins kasil ngrebut jèrsi kuning (pratandha pimpinan balap miturut poin) nalika balapan ngancik séri kapitu lan ngukuhaké kamenangan Wiggins kang tuméka saiki isih diéling-éling amarga séri kuwi nempuh jarak kang adohé 2300 km.

Bradley Wiggins Sadawaning Taun

Bradley Wiggins yaiku pembalap sepédhah kang bener-bener mumpuni, kabukti dhèwèké wis akrab karo préstasi ing tingkat donya, mèh saben taun ing kariré dhèwèké mesthi olèh gelar.

2004

Ing Olimpiadhe Athéna taun 2004, Wiggins dadi atlét Britania Raya sepisan sajeroning 40 taun kang bisa menangi telung medhali ing sepisan penampilan. Dhèwèké olèh medhali emas ing nomer Pursuit, medhali perak ing nomer Team Pursuit, lan medhali perak ing Madison bareng mitra balapé yaiku Rob Hayles.

2005

Taun kapindhoné béla tim balap Crèdit Agricole, Wiggins dadi juwara ing nomer Time Trial anèng sirkuit de Lorraine (sèri kawolu) saka kajuwaran Tour de l'Avenir.

Bradley Wiggins 
Bradley Wiggins bareng Tim Cofidis

2006

Taun sepisané Wiggins bareng Tim Cofidis, nanging dhèwèké ora menangi apa-apa ing taun kasebut, dadèkaké dhèwèké alihan balap sepédhah saka trèk menyang aspal lan nglakoni debut ing kajuwaran Tour de France.

2007

Isih bareng tim asal Prancis, yaiku Cofidis dhèwèké balapan ing Dauphiné Libéré lan menang balapan prolog, sadurungé mèlu balapan Tour de France lan kasil ngrampungaké balapan urutan kapat ing Prolog London. Dhèwèké uga bacutaké karir balapé, menang medhali emas ing nomer Individu lan Tim Pursuit ing Kajuwaran Donya.

Bradley Wiggins 
Wiggins bareng Tim Cofidis mèlu Tour de France Prolog

Bebungah

Bebungah Bradlèy Wiggins kang paling ngedab-edabi.

  • Dhobel Medhali Emas ing Olimpiadhe Béijing 2008
  • Juwara Tour de France 2012
  • Medhali Emas ing Olimpiadhe London 2012 nomer Time Trial
  • Menang gelar World Time Trial
  • Mecahaké rékor UCI Hour 2015
  • Medhali Emas kalima sadawaning karir ing Olimpiadhe Rio de Janéiro 2016

Tim Profésional

Sajegé karir balap Wiggins, dhèwèké wis bélani sakèhing tim balap profésional lan malah naté gawé tim balap dhéwé ing taun 2015.

  • 2016 - Team Wiggins Bradley Wiggins  Britania Raya
  • 2015 - Team Sky Bradley Wiggins  Inggris
  • 2015 - Team Wiggins
  • 2014 - Team Sky
  • 2013 - Sky Procycling Bradley Wiggins  Inggris
  • 2012 - Sky Procycling
  • 2011 - Sky Procycling
  • 2010 - Sky Professional Cycling Team
  • 2009 - Garmin - Slipstream Bradley Wiggins  Inggris
  • 2008 - T-Mobile Track Team Bradley Wiggins  Jerman
  • 2008 - Team Columbia Bradley Wiggins  Britania Raya
  • 2007 - Cofidis - Le Crédit par Téléphoné Bradley Wiggins  Prancis
  • 2006 - Cofidis - Le Crédit par Téléphoné
  • 2005 - Crédit Agricole Bradley Wiggins  Prancis
  • 2004 - Crédit Agricole
  • 2003 - fdjeux.com
  • 2002 - fdjeux.com

Pènsiun

Atlét emas, mangkono peparabé bebrayan Inggris marang Bradley Wiggins mbiwarakaké pènsiun saka donya balap sepedhah ing taun 2016, nanging pènsiuné Wiggins uga gawa kontroversi jalaran juru latih kang dadèkaké dhèwèké menang pirang-pirang kajuwaran nganggep yèn pènsiuné Wiggins nyebabaké jarak kang adoh kalawan generasi paneruse. Juru latih Wiggins naté kandha manawa pènsiuné Wiggins nggémbol wirang.

Rujukan

Tags:

Bradley Wiggins KauripanBradley Wiggins KarirBradley Wiggins Sadawaning TaunBradley Wiggins BebungahBradley Wiggins Tim ProfésionalBradley Wiggins PènsiunBradley Wiggins RujukanBradley WigginsBritania AgungBèlgiInggrisTour de France

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

MarsTlaga TobaOlimpiade Musim Panas 2012Wong Bèrbèr1961MelaminaPratélaning nagara bagéan Amérika Sarékat miturut cacah sirahYoniGaya asuKim Hyun-joongPersija JakartaBendiYamaha V502002Empon-emponLattèKunthiInstagramISBNZona wektuUlu Rawas, Musi RawasJonathan Frizzy4 JanuariAlbert Camus8Dracula (novel)CumbanaLabu airSetuJakartaPageblug Covid-19LindhuEzaki GlicoBasa JawaLiga Utama InggrisSurat Al KaafiruunBaku39Cak PercilKeslametan panganWindows 2.0InsinyurSesorahWalabiPaus FransiskusBasa InggrisFilemAmaraSCTVAngga Aldi YunandaSokaSurat Al 'AlaqBeskapBrandon SalimPersiwa WamenaPréfèktur GifuPersijap JeparaLos AngelesJanet JacksonBale Sigala-galaSiramanJuliIndonesia RayaJoko SusiloPasisir KuwaruDinaWukuSurat Al FalaqKabupatèn Padang LawasMinecraft1964Tanggal🡆 More