Bolu

Bolu utawa kuwé bolu (basa Inggris: cake) yaiku kuwé kang bahan dasarè glepung (umumè glepung terigu), gula, lan ndog.

Kuwè bolu lan cake umumè dimatangakè kanthi cara dipanggang ing oven, sanajan uga ana bolu kang dikukus, contoné bolu kukus utawa brownies kukus. Cake kang direngga karo lapisan (icing) saka krim mentega (buttercream), fondant, utawa marzipan iku jenengè kuwe tart (kuwe tarcis). Cake kang dihias(kuwé tart) utawa ora ana rerenggan digunakakè kanggo makanan penutup utawa suguhan istimewa resepsi nikahan utawa pista ulang taun. Ana ing resepsi nikahan ala Barat lan pista ulang taun, upacara pengirisan kuwe tart didadekakè salah sawijining acara. Ing Indonesia, nasi tumpeng asring nggantekakè peranè cake dadi pakanan istimewa ana ing upacara-upacara pengetan. Cake kang ukuranè gedhè, bentukè segi papat utawa bunder banjur diiris-iris nalika arep didol utawa disajekakè karan kuwé bolu utawa bolu gulung. Maneka warna puding uga nggunakaké bahan dhasar irisan bolu kang didokokakè ing dhasar loyang sakdurungnè disiram karo agar-agar.

Bolu
Bolu
Bolu ambal warsa
Panggonan asalInggris
Woworan pokokGlepung
Bolu Buku masakan: Bolu  Bolu Médhia: Bolu
Bolu
Brownies coklat
Bolu
puding pelem

Teknik Nggawé

Piranti pengocok kuwé (mixer) digunakakè kanggo ngocok ndog utawa mentega karo gula nganti ngembang. Penambahan lemak nabati utawa hewani ing wujud mentega, margarin, santen, utawa shortening ing adonan nggawé tekstur kuwé dadi luwih lembut. Bahan kimia pengembang (soda kue, baking powder), penstabil (krim tartar), lan pengemulsi (ovalet)asring ditambahakè ing jero adonan supaya asile luwih apik.

Jinis

Didelok saka tèhnik nggawéne, bolu (cake) digolongakè dadi rong kelompok.

  • Butter cake utawa shortened (cream cake)
Bolu 
Butter cake kacang
    Nggawè kuwe dimulai saka ngocok mentega (margarin) lan gula dadi adonan kang bentukè krim. Cake jinis iki merlokakè bahan pengembang kang wujud baking powder utawa soda kuwè. Salah sawijining tuladhané butter cake paling prasaja yaiku pound cake kang digawé saka mentega, gula pasir, lan glepung terigu kang takeranè 1 pon kabèh. Resep pound cake jaman biyèn durung nggunakaké bahan pengembang, lan mung ngandalakè mentega kang dikocok nganti lembut.
  • Sponge cake (foam cake)
Bolu 
sponge cake-bolu gulung
    Prosès nggawène dimulai saka ngocok ndog lan gula nganti dadi busa kang alus lan kenthel. Mentega (margarin) cair utawa lenga klentik biyasanè uga ditambahakè sawisé adonan dicampur karo glepung.
    Didelok saka tèhnik ngocokè ndog, sponge cake diperang dadi loro, yaiku:
    • Kuwe karo putih lan kuning endhog kang kocok dhéwé-dhéwé.
      Tekstur kuwe dadi lembut banget, tuladhané chiffon cake utawa angèl food cake.
    • Kuning lan putih endhog diudhek bareng (Genoise).
      Akeh resep bolu lan cake nggunakaké kuning lan putih ndog kang dikocok bareng.

Pratélan kuwe bolu lan cake

  • Klappertaart
  • Lapis Surabaya
  • Cupcake (cake dalam mangkuk kertas kecil)
  • Madeleine
  • Tiramisu cake
  • Black forest
  • Marmer cake
  • Durèn cake
  • Chiffon cake
  • Angel food cake
  • Carrot cake
  • Cassava cake

Pratélan pustaka

Pranala njaba

Cathetan suku


Tags:

Bolu Teknik NggawéBolu JinisBolu Pratélan kuwe bolu lan cakeBolu Pratélan pustakaBolu Pranala njabaBolu Cathetan sukuBoluBasa InggrisBolu kukusGulaIndonesiaKuwéMarzipanOven

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Agus Harimurti YudhoyonoPayudaraSandy WalshAburizal BakrieAgus MustofaBasa ArabJaringsanaPadusanUlate bening leriWangsalanCandhiWikiquoteJepangRaditya DikaLaos (bumbu)Gudang garamArané pérangan awakBasa SpanyolSelat SalaHak ciptaAndi Sultan Daeng RadjaBarTembung YogyaswaraBarabudhurWirangrongThiwulHypertext markup languageBagoes HadikoesoemoArab SaudiTetanènAlamSurat YunusTifaBertrand AntolinLee Min JungTaman Nasional Gunung LeuserSurat An Nisaa’Sepur JoglosemarkertoSalam Lintas AgamiPersija JakartaYugoslaviaGunung TamboraLee Jong-sukTéaterSurat Al 'AlaqSpanyolGambangDhini AminartiIrfan BachdimWilliam ShakespeareSintaErling HaalandCublak-cublak suwengLuna MayaKarnaNemanja VidićSufismeFosforTongsèngGajah gajahTahu petisWayang kulitRuwatanPawadonanLumut kerakIbu Kita KartiniLionel MessiPenggarisUranusOmah GadangRaja Ali HajiKangsadéwaKabupatèn Barru🡆 More