Adu Jago

Adu jago ya iku sawijining dolanan kanggo kasenengan wong diwasa, kanthi ngadu pitik jago cacah loro ing papan kang karan kalangan.

Pitik kang lumayu (mlincur), lémpoh utawa malah mati kaanggep kalah. Lumrahé adu jago uga dibarengi nganggo tontohan saka wong-wong kang ndelok ing sacedhaké kalangan.

Pitik kang diadu lumrahé diingu kanthi tujuan diadu lan mula banjur digulawentah amrih jagoné duwé  awak pengkuh lan rosa.

Sajarah

Adu Jago 
Mozaik saka jaman Romawi kuna, nuduhaké jago loro lagi diadu

Adu jago ing jaman kuna wis ana lan buktiné katemokaké ing peradaban Lembah Indus. IEncyclopædia Britannica (2008) ngemu:

Adu jago populèr nalika jaman kuna ing India, China, Persia lan nagara asia liyané. Banjur digawa menyang Yunani kuna jamané Themistocles (sakiwa-tengené 524-460 SM). Ing wektu kang suwé, wong Rumawi kena pengaruh ora nyenengi adu jago, nanging sabanjuré malah banjung nggandrungi. Ing abad sepisanan, akèh wong Rumawi kang ngentèkaké bandha warisan kanggo tohtohan ing dolanan adu jago.

Adu jago ing Indonésia

Adu Jago 
Adu jagi kanggo ritual  ing Bali, Indonesia, 1971

Adu jago kalebu tradhisi kang lawas ing pulo Bali. Kasebut ing Prasasti Batur Bang I (saka taun 933) lan Prasasti Batuan  (taun 944 taun saka) mratèlakaké manawa  ritual tabuh rah wis ana pira-pira abad. Ing Bali, adu jago dikenal minangka istilah tajen, lan kalebu srana kanggo ngusir dhemit. Ritual kang diarani tabuh rah iki kalebu srana tumbal nganggo getih pitik kang kalah. Adu jago wajib kaleksanakaké nalika upacara agama. Adu jago kanthi tujuan saliyané ritual kaanggep prakara, sanajan  isih umum ing akèh wewengkon ing Indonésia. Wong wadon lumrahé ora mèlu adu jago.

Adu jago ing nagara liya

Adu Jago 
Adu jago ing pinggiran kutha  Kabul, Afganistan

Adu jago uga ana ing Kuba, Peru, Brazil, Mèksiko, Irak, India, Jepang, Pakistan lan Filipina.

Lakon pewayangan

Salah siji lakon ing pewayangan ya iku Kangsa Adu Jago 

Pitik kang diadu

Pitik kang ditangkaraké mirunggan kanggo adu jago racaké jinis pitik bangkok kang duwé awak kang kenceng lan pengkuh. Kanggo menangi tandhing, pitik dirumat kanthi setiti, kayadéné nglatih atlit kang bakal tandhing ulahraga.

Rujukan

Tags:

Adu Jago SajarahAdu Jago Pitik kang diaduAdu Jago RujukanAdu Jago

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

GathotkacaFlorentino PérezIdahoGanjar PranowoRerengganIwak EpéKhadijah binti KhuwailidAnatomi manungsa681Batur tukonKiyèfWignyanTembung tanggapNagita SlavinaRépublik Rakyat Cina20th Century FoxAbujaWunguMy Chemical RomanceMartin EvansBengkuluSunan Gunung JatiPersija JakartaCenilBale Sigala-galaBonang barungBonangTawangmangu, KaranganyarHeksanaRicky Harun1619Elizabeth OlsenTaman Nasional Chapada dos VeadeirosJason StathamThaiDelimaOmanMarmutSahurMa Dong-seokSurat An Nisaa’RanggawarsitaꦕꦥꦶꦁHemoglobin9 AprilTom CruiseProteomikaBritania9 (filem)Kutuk nggèndhong kemiriInternational Standard Serial NumberBenikꦏ꧀ꦭꦱCiléJumuwahUdohSierra LeoneRupiahLayang PanamaE=mc²Simon Santoso1998PurwakanthiMerconꦢꦸꦏꦸꦃYusril Ihza MahendraAksara PégonJathilanBlegudregLiga Super IndonésiaWangsa Syailéndra🡆 More