5 Cm: Filem Indhonésia

5 cm ya iku filem drama Indonésia kang nembé waé dirilis tanggal 12 Dhésèmber 2012.

Film iki di paragani déning aktris lan aktor kang wis misuwur ing Indonésia, ya iku Herjunot Ali, Raline Shah, Fedi Nuril, Pevita Pearce, Igor Saykoji lan Denny Sumargo. Carita filem iki dijupuk saka novèl kang judhulé padha 5 cm karangané Donny Dhirgantoro. Film iki disutradarani Rizal Mantovani.

5 Cm: Filem Indhonésia
poster filem 5 cm

Ana ing filem iki para paraga dipeksa supaya munggah gunung kang paling dhuwur ing Pulo Jawa ya iku gunung Mahameru, amarga latar filem iki uga ana ing gunung iki. Kurang luwih filem iki ngentèkaké wektu 17 dina ing pucuk gunung Mahameru.

Mung kacèk 10 dina saka rilis ing biyoskup panonton 5 cm wis nganti sayuta wong lan karan-sebut dadi salah sawijining filem kang paling suksès ing taun 2012.

Nggawé filem kang lataré ing gunung ora gampang, akèh kadadéan kang ngangèl-ngangèli rikala njupuk gambar. Tuladhané adegan rikala kabèh paraga mung meneng ing pucuk gunung Semeru.

Raline Shah kang maragani tokoh Riani ngaku ora nyangka bakal main ing filem iki lan sadurungé sempet ora lulus casting. Kajaba iku, Deny Sumargo uga ngandharaké bombongé atiné rikala mèlu main ing filem iki. Amerga syuting filem 5 cm, Fedi Nuril paraga Genta ketagihan munggah gunung manèh.

Sinopsis

Genta, Arial, Zafran, Riani lan Ian iku 5 rumaja kang wis kekancan welasan taun suwéné. Sawijining dina dhèwèké kabèh ngrasa bosen marang kekancanané banjur kalimané sarujuk ora ketemu dhisik lan ora komunikasi siji marang liyané suwéné telung sasi.

Saksuwéné telung sasi iku, akèh kadadéan kang dialami dhèwèké kabèh. Kedadéyan-kadadéan iku bisa ndadèkaké saben wong dadi luwih apik rikala nglakoni uripé. Sawisé telung sasi kalima kekancan iku ketemu manèh lan ngrayaké patemonané iku kanthi petuwalangan kang kebak pengarep-arep lan tantangan. Lakuning ati supaya bisa ngèulukaké gendéra Indonésia ing pucuk paling dhuwur Jawa ing tanggal 17 Agustus 2012 kang ndadèkaké saya tresna marang nagara Indonésia.

Cathetan sikil

Tags:

122012DhésèmberDonny DhirgantoroDramaFedi NurilFilemFilmIndonésiaPevita PearceRaline ShahRizal MantovaniSaykoji

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

522Basa Inggris6TakbirWortelWong AlasRépublik Rakyat CinaBendiDeng XiaopingDoha19WadonMarie AntoinetteSurat At TalaqKaamiran Arab ManunggalShabeellaha Hoose7OmanSikil1977Georg Wilhelm Friedrich HegelXboxWesiJurudemungTalmudVincent van GoghMiguel Arraes (aktor)James CookLeonhard EulerIndhonésiaMusik79Mendhem ari-ariLaut KaspiaPatih SuwandaBonangSiramanMijilLawang SèwuJepangKenongIstanbulOstraliMark ZuckerbergMatématika39KairoSemikonduktorRambakDublinMississippiKolombiaBasa PortugisISO 3166-1Kabiskopan Galway, Kilmacduagh, lan KilfenoraPada pangkatIrakCumbanaKanadhaJulius CaesarMontesquieuAbad ping 21Alfabèt KirilPapaAdobe FlashEugenio MontalePlutoWangsiRépublik Cina1945SinomSurat Al IkhlashBudaLukisan lengaShio🡆 More