Kota Pekalongan: Kota nang propinsi Jawa Tengah, Indonesia
Kota Pekalongan, kuwe salah siji kota nang Propinsi Jawa Tengah.
Pekalongan beralih maring kaca kiye. Kanggo Kabupaten sing jenenge pada, deleng uga Kabupaten Pekalongan. Kanggo kegunaan liyane sekang Pekalongan, deleng Pekalongan (disambiguasi).
Kota kiye jejeran karo Laut Jawa nang lor, Kabupaten Batang nang wetan, lan Kabupaten Pekalongan nang sisi kidul lan kulone. Pekalongan nduweni 4 kecamatan, yakuwe Pekalongan Barat, Pekalongan Utara, Pekalongan Timur, lan Pekalongan Selatan.
Kota Pekalongan
Lambang Kota Pekalongan Moto: BATIK, Bersih,Aman,Tertib,Indah,Komunikatif
Peta lokasi Kota Pekalongan Koordinat: 6º50’42”–6º55’44” LS 109º37’55”–109º42’19” BT
Kota kiye manggone nang jalur pantura sing ngandhengna Jakarta-Semarang-Surabaya. Pekalongan jarake 101 km nang sisi kulone Semarang, utawa 384 km sekang sisi wetan Jakarta. Pekalongan kuwe dijuluki kota batik, jalaran batik Pekalongan nduwe corak sing khas lan variatif. Kota Pekalongan nduwe pelabuhan perikanan paling gedhe nang Pulau Jawa. Pelabuhan kiye sering dadi transit lan area pelelangan hasil tangkapan laut nang para nelayan sekang daerah-daerah liyane. Nang Kota Pekalongan uga akeh perusahaan pengolahan hasil laut, kaya iwak asin, terasi, sarden, lan kerupuk iwak.
Kota Pekalongan kebagi maring 4 Kecamatan sing dibagi maning dadi 47 kelurahan lan wewengkon sekabehane dadi 45,25 Km² utawa kurang lewih 0,14 % sekang wewengkone Jawa Tengah.
Pendidikan
Perguruan tinggi
Sekolah Tinggi Ilmu Ekonomi Muhammadiyah
Politeknik Batik Pusmanu Pekalongan
Universitas Pekalongan (UNIKAL)
Sekolah Tinggi Agama Islam Negeri (STAIN) Pekalongan
Akademi Keperawatan Negeri
STMIK Widya Pratama Pekalongan
Sekolah menengah atas
SMA Negeri 1 Pekalongan
SMA Negeri 2 Pekalongan
SMA Negeri 3 Pekalongan
SMA Negeri 4 Pekalongan
SMA Muhammadiyah 1 Pekajangan
SMA Hasyim Asy'ari Pekalongan
SMA Saint Bernardus
SMA Dwija Praja
SMA Islam Pekalongan
SMA Masehi Pekalongan
MAN 3 Pekalongan
Sekolah menengah kejuruan
SMK Syafi'i Akrom Pekalongan
SMK (ekonomi) Negeri, Jl Perintis Kemerdekaan
SMK (Teknik) Negeri, Jl Perintis Kemerdekaan
SMKK Negeri Jl Perintis Kemerdekaan
SMK Maarif
SMK Baitusalam
SMK Gatra Praja, Jl. Perintis Kemerdekaan
SMK Perikanan IRMAJl.sriwijaya pekalongan
SMK Diponegoro Jalan Raya Kertoharjo No.1 Pekalongan
This article uses material from the Wikipedia Basa Banyumasan article Kota Pekalongan, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses. ®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Banyumasan (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.