Kabupaten Wonosobo, kuwe salah siji kabupaten nang Propinsi Jawa Tengah.
Ibukotane yakuwe Wonosobo. Kabupaten kiye batese karo Kabupaten Temanggung lan Kabupaten Magelang nang sisi wetan, Kabupaten Purworejo nang kidul, Kabupaten Kebumen lan Kabupaten Banjarnegara nang kulon, Kabupaten Batang lan Kabupaten Kendal nang lor.
Provinsi | Jawa Tengah |
Pemerintahan | |
Luas | {{{luas}}} |
Populasi | |
- Total | {{{penduduk}}} |
- Kepadatan | 823 |
Demografi | |
Pembagian administratif | |
- Kecamatan | 15 |
- Kelurahan | 265 |
Simbol khas daerah |
Kabupaten Wonosobo ngadeg tanggal 24 Juli 1825 dadi kabupaten nang ngisor Kesultanan Yogyakarta seuwise Perang Diponegoro. Kyai Moh. Ngampah, sing ngrewangi Diponegoro, diangkat dadi bupati pertama nganggo gelar Kanjeng Raden Tumenggung (K.R.T.) Setjonegoro.
Kabupaten Wonosobo nduwe 15 kecamatan, sing dibagi maning maring pirang-pirang desa lan kelurahan. Pusat pemerentahan ana nang Kecamatan Wonosobo.
Jeneng Wonosobo asale sekang basa Jawa: Wanasaba, sing cara harafiah artine: "panggonan nggo ngumpul(saba) nang wana". Basa Jawa kuwe njikot sekang Basa Sansekerta: vanasabhā sing artine ya kurang lewih pada baen. Loro ukara kuwe uga dikenal dadi buku sekang Mahabharata: "Sabhaparwa" lan "Wanaparwa".
This article uses material from the Wikipedia Basa Banyumasan article Kabupaten Wonosobo, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Banyumasan (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.