Kresna

Sri Bathara Kresna, asring disingkat Kresna, kuwe salah sijine tokoh nang donya wayang.

Kresna kuwe raja sing bijaksana sekang negara Dwarawati, lan dianggep titisan Sang Hyang Wisnu. Kresna putra panengah Prabu Basudewa sekang kerajaan Mandura, lan ibune Dewi Mahindra. Kresna nang crita pewayangan nduwe senjata ampuh sing jenenge panah Cakra, lan kembang sekti Cangkok Wijayakusuma sing bisa nguripna wong kang mati sedurunge takdire. Kresna kuwe ya sesepuh Pandhawa sing paling ngerti strategi lan cerdik ngadepi mungsuhe nang perang Bharatayudha, yakuwe para kadang Kurawa. Sri Bhatara Kresna kuwe matine muksa (mati ngilang), bar perang kuwe rampung.

Kresna
Sri Bathara Kresna

Jeneng liya

  • Gopala : cah angon sapi
  • Madhawa : sing nggawa usum semi
  • Narayana : sing nglindungi wong akeh
  • Wasudewa : dewa sing atine resik
  • Padmanaba : jeneng paringane gurune yaiku Begawan Padmanaba nalika taksih remaja

Anak Garwa

Garwane ana lima, yaiku :

  • Dewi Radha (meh ora tau disebutake ing wayang nanging misuwur lan wigati ing budaya Hindu.) Prabu Sri Kresna lan Dewi Radha ora duwe anak.
  • Dewi Rukmini, nduwe anak jenenge Dewi Titisari lan Raden Saranadewa (jarang disebutna).
  • Dewi Jembawati, nduwe anak jenenge Raden Samba Wisnubrata.
  • Dewi Setyaboma, nduwe anak jenenge Raden Setyaka.
  • Dewi Pertiwi (widodari kayangan), nduwe anak jenenge Prabu Boma Nerakasura (Raden Setija) lan Dewi Siti Sundari

Deleng uga

Tags:

PandawaWayangWijayakusuma

🔥 Trending searches on Wiki Basa Banyumasan:

Daftar kabupaten lan kota nang Kalimantan Tengah578Argosari, Ayah, KebumenKabupaten BatangJatibarang, Indramayu18 FebruariKota SurakartaKabupaten BanyumasJatilawang, BanyumasNorwegiaCamatTubanan, Tandes, SurabayaRamayanaBolivia20151996Stasiun KroyaGunung Sindur, BogorKota TasikmalayaKabupaten PurworejoSungai Raya, Kubu RayaLondokGombong, KebumenDaftar raja JawaBotaniBrasilSastra2014Besuki, SitubondoIndra KusumaSukodono, Sragen19596 Juni1945PortugalBunta, Banggai1821Tilamuta, BoalemoEropahMekarbaru, TangerangNET.Ciomas, BogorDaftar negara bagian nang MalaysiaMedan Satria, BekasiLaosTapa, Bone BolangoKota ManadoHukumKota SemarangKabupaten Banjarnegara1931Hak CiptaKabupaten BireuenKerajaan Galuh PurbaSusilo Bambang YudhoyonoKomputerFinlandiaSadrananMonakoKecamatanTegalsari, Surabaya13 JuniSulawesiStasiun Semarang TawangVenezuelaKabupaten CianjurKraksaan, ProbolinggoArab Saudi1164Karangkobar, BanjarnegaraCondongsari, Banyuurip, PurworejoUyahPurwodadi, Grobogan251🡆 More