Lothar Matthäus

Lothar Herbert Matthäus (ucapan neng basa Jerman: ; lair neng Erlangen, Jerman Kulon, 21 Maret 1961; umur 55 taun kuwe manajer lan bekas pemain bal - balan sekang Jerman.

Sewise dadi kapten neng kesebelasan Jerman Kulon nggo juara neng Piala Dunia FIFA 1990, deweke akhire dadi Pemain Terbaik Eropa. Neng taun 1991, deweke kepilih dadi Pemain Terbaik Dunia FIFA sing pertama, lan siji - sijine pemain Jerman sing pernah olih penghargaan kuwe.
Deweke wis main neng lima Piala Dunia FIFA (1982, 1986, 1990, 1994, 1998), lan nyekel rekor pemain sing paling sering main neng pertandingan Piala Dunia (25 pertandingan). Deweke uga menangna Kejuaraan Sepak Bola Eropa UEFA 1980, lan main neng turnamen tahun 1984, 1988, lan 2000. Neng tahun 1999, usia 38, deweke dadi maning Pemain Terbaik Jerman, sewise sedurunge menangna penghargaan kuwe neng taun 1990.
Matthäus kuwe pemain Jerman sing paling akeh main neng timnas Jerman sepanjang masa,nganti pensiun wis main 150 pertandingan (83 nggo Jerman Barat), lan 23 gol nggo timnas Jerman. Matthäus uga anggota FIFA 100 – daftar sing isine 125 pemain bal - balan paling apik sing depilih Pelé. Diego Maradona pernah ngomong tentang Matthäus "deweke kuwe saingan paling apik sing pernah tek alami. Kayane kuwe wis cukup nggo njelasna deweke" neng bukune deweke sing judule Yo soy el Diego (Saya Diego).
Deweke termasuk pemain serba bisa lan lengkap, Matthäus paling dikenal merga umpan e, posisine, lan temprang an sing bersih, uga tembakane sing marem. Selawase karir, deweke biasa main neng posisi gelandang, walaupun akhire deweke neng posisi Sweeper.

Tags:

196121 MaretJerman

🔥 Trending searches on Wiki Basa Banyumasan:

DesemberAmerika UtaraBirSoehartoParaguay8 Januari4872001DominikaHindu1806Témpé12971995Kota PekalonganLatviaDaptar gubernur nang IndonesiaKecamatanKirgizstanKenthonganVasco da Gama15943501585Kimia3301966InternetDaftar taunUndang-Undang Dasar Negara Republik Indonesia Taun 1945Bahama180326 JanuariKabupaten Kebumen774Kuning1561NorwegiaItalia1949Paru-paruKonfusiusKenyaAtom1211Kabupaten TasikmalayaAzerbaijanUbuntu1975PemerentahanAbad kaping-2JantungKelurahanRichard Wagner1888Buenos AiresPecel1838137012681967202118491739175718611777IranSegara1618SasiGabagenDhaftar Stathe Prakira Indeks Pembangunan Manusia🡆 More