Paru-Paru

Paru-paru yakuwe salah sijining organ nang sistem pernapasan sing fungsine nggo tempat pertukaran oksigen sekang udara sing nggantekna karbondioksida nang njero getih.

Proses giye dijenengna proses respirasi sing nggunakna bantuan haemoglobin nggo pengiket oksigen. Sewise oksigen nang njero getih dijiret nang haemoglobin banjur dialirna nang kabeh bagian awak.

Paru-Paru
Paru-paru

Alat pernapasan

Mung vertebrata utawa makhluk bertulang belakang sing nduwe paru-paru nggo alat pernapasan. Tekstur paru-paru berongga karo nduwe akeh sekat, panggone nang njero rongga dada dilindungi nang tulang selangka karo diselimuti nang kantong dinding ganda (pleura) sing nempel nang permukaan njaba paru-paru.

Menungsa duwe loro paru-paru. Sebelah kiwa kebagi nang rong bagian karo sebelah tengen kebagi dadi telu bagian. Amben sebagian ngandung sekitar 1500 butir udara karo 300 juta alveolus sing amba permukaane ngantek 140 m2 nggo ukuran wong dewasa utawa sepadan kambi lapangan tenis.

Penyakit

Penyakit-penyakit sing ana hubungane kambi paru-paru:

Asma (bengek)

Watuk

Watuk yakuwe salah siji gangguan nang tenggorokan, paru-paru utawa bronkus (saluran pipa udara sing mlebu nang paru-paru). Jenis watuk guwe ana watuk kering sing dahake setitik utawa ora ana dahake blas. Ana uga watuk berdahak, awatuk taunan, utawa watuk getih.

Bronkitis

Tanda-tandane Bronkitis yakuwe:

  • Watuk berlendir karo holih watuk suwe ngantek sasi-sasia utawa malah taunan
  • Sering nyerang aring wong usia lanjut karo perokok berat
  • Marakna efek emphysema yakuwe suatu penyakit paru-paru sing kronis sebabe angel ambegan utamane nek lagi kerja utawa gerak.

Pneumonia (radang paru-paru)

Pneumonia yakuwe infeksi paru-paru akut. Infeksi giye sering nyerang sewise penyakit paru-paru liyane kaya campak watuk rejan, influenza, asma, peradangan saluran pernapasan (bronchitis) utawa penyakit liyane. Tanda-tandane:

  • Pernpasane cepet (40 x per menit nang bayi), dangkal karo kadang-kadang ana suara mengik
  • Watuk dialami nang wong dewasa seringe lendiren sing warnane kuning keijo-ijoan utawa setitik ana getihe. Nek nang bayi ora selalu dibarengi watuk. Lara nang dada.
  • Penderita keton kesiksa.

Tindakan sing dilakokna:

  • Diwei antibiotic nggo penderita pneumonia sesuai petunjuk dokter.
  • Diwei oksigen nek sekirane dibutuhna.
  • Obat aspirin utawa acetaminophen nggo nuruna panas karo ngurangi rasa lara.
  • Diakei holi nginum men ora dehidrasi

Tags:

Paru-Paru Alat pernapasanParu-Paru PenyakitParu-Paru

🔥 Trending searches on Wiki Basa Banyumasan:

1708SemarKresnaBloemfontein1951Charles DarwinDaftar kabupaten lan kota nang Daerah Istimewa Yogyakarta2003PendidikanWikipedia basa Belanda686RusiaKabupaten Bandung BaratItaliaGhanaIsrael18 AgustusKristoforus KolumbusKota Pekanbaru26 Februari12 JanuariPlatoJaranTata Surya16 Juli9 MaretSemarang Barat, SemarangGeografiAbadGereja Katolik Roma24 FebruariJawa KulonBangladeshDaftar kode tilpun nang IndonesiaKabupaten KaranganyarGunung BromoBawana Amerika10 AprilIbukota19 MeiBasa Inggris442ArjunaKemranjen, BanyumasOsama bin Laden2008Daerah Khusus Ibukota JakartaWiki FoundationRaden Banyak CotroTempurejo, Jember1975Daftar Gubernur Daerah Khusus Ibukota Jakarta200218781897Kota Surakarta1859DesemberDaftar raja Jawa23 Juli17 JanuariAmerika Serikat16619 JuliKamandakaSinomwidodo, Tambakromo, PatiKota Magelang2013Kanor, BojonegoroDaptar kabupaten lan kota nang IndonesiaAdam Malik903476EropahAstronomi🡆 More