Keuskupan Agung Kupang kuwe tahta metropolitan sekang loro keuskupan sufragan nang sekitare yaiku keuskupan Atambua lan Keuskupan Weetebula.
Wilayahe ana nang kabupaten Kupang, Kabupaten Timor Tengah bagian kidul, Pulau Alor lan Pulau Pantar, Nusa Tenggara Timur. Pelayanane Keuskupan Agung Kupang sing duwe tenaga imam jumlahe 80 wong meliputi wilayah sing luase 11.825 km2, jumlah umate 130.000 wong.
Jumlah imam diosesan (Praja) ngalami penambahan sing stabil, sekang 16 wong taun 1990, dadi 28 wong taun 2000, lan taun 2004 uwis dadi 45 wong. Jumlah imam religius sekang 18 wong taun 1990 dadi 32 wong miturut statistik 2005.
This article uses material from the Wikipedia Basa Banyumasan article Keuskupan Agung Kupang, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Banyumasan (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.