Wong Ryukyu: Suku wangsa

Wong Ryukyu utawa Lewchewan (琉球民族, Ryūkyū minzoku?, Okinawa: Ruuchuu minzuku) yaiku wong pribumi ingkang manggon ing Kapuloan Ryukyu, ingkang letakipun wonten ing antarane pulo Kyushu lan pulau Taiwan.

Wong Ryukyu umume dipérang dadi sawetara sub-suku, yaiku Amami, Okinawa, Miyako, Yaeyama, lan Yonaguni. Secara administratif, dheweke manggon ing Préfèktur Okinawa lan Préfèktur Kagoshima.

Wong Ryukyu
琉球民族
Wong Ryukyu: Sejarah, Budaya, Dhaptar tokoh
Shō En
Wong Ryukyu: Sejarah, Budaya, Dhaptar tokoh
Shō Tai
Wong Ryukyu: Sejarah, Budaya, Dhaptar tokoh
Ankō Itosu
Wong Ryukyu: Sejarah, Budaya, Dhaptar tokoh
Hirokazu Nakaima
Wong Ryukyu: Sejarah, Budaya, Dhaptar tokoh
Yoko Gushiken
Wong Ryukyu: Sejarah, Budaya, Dhaptar tokoh
James Iha
Wong Ryukyu: Sejarah, Budaya, Dhaptar tokoh
Gackt
Wong Ryukyu: Sejarah, Budaya, Dhaptar tokoh
Wong Ryukyu: Sejarah, Budaya, Dhaptar tokoh
Jake Shimabukuro
Wong Ryukyu: Sejarah, Budaya, Dhaptar tokoh
Namie Amuro
Wong Ryukyu: Sejarah, Budaya, Dhaptar tokoh
Ai Miyazato
Tlatah mawa cacah jiwa akèh
Wong Ryukyu: Sejarah, Budaya, Dhaptar tokoh Okinawa
Kagoshima (Amami)
Taiwan
Pilipina
Brasil
Peru
California (AS)
Hawaii (AS)
Basa
Kulawarga Basa Ryukyu, Basa Jepang
Agama
Agama Ryukyu, Buda, Shinto
Golongan ètnik magepokan
Wong Yamato, Wong Yayoi

Basa-basané kalebu Kulawarga Basa Ryukyu, salah siji saka rong cabang basa kulawarga Japonik, lan cabang liyane yaiku basa Jepang lan dialek-dialekipun. Populasi pulau kasebut kira-kira ana 1,4 yuta wong (2014). Uga ana 300.000 wong keturunan Ryukyu sing makarya ing pulo Honshu, umume keturunane diaspora Okinawa sing bali saka Amérikah Latin.

Sejarah

Sacara genetis, wong Ryukyu pribumi raket banget karo wong Ainu, lan sedulur liya sing cedhak yaiku karo wong Jepang lan wong Korea. Wong Ryukyu uga paling cedhak nomer loro sing paling cedak karo wong Jomon, sawise wong Ainu. Nanging, ditemokake uga bagean gen sing asale saka Asia Selatan kuna.

Jeneng Ryukyu pisanan muncul ing serat babad Cina ing taun 605, saka Dinasti Sui. Sajrone pirang-pirang abad sawise, Cina umume nyebut jeneng Ryukyu kanggo area sing kalebu Kapuloan Ryukyu lan pulo Formosa.

Pendhudhuk Kapuloan Ryukyu njaga hubungan apik karo Cina sajrone Wangsa Ming. Ing taun 1392, yaiku nalika papréntahane Kaisar Hongwu, pangadeg Dinasti Ming, 36 kulawarga Tionghoa saka Fujian diundang Chūzan, sawijining panguwasa ing pulau Okinawa, kanggo mapan ing plabuhan Naha lan kerja dadi utusan, penerjemah, lan pejabat pamrentah. Antarane para pejabat Ryukyu, sing sabanjure katah keturunan saka imigran Tionghoa iki, lair ing China, utawa duwe simbah-simbah Tionghoa. Dheweke menehi kontribusi kanggo kamajuan pribumi Ryukyu ing teknologi lan hubungan diplomatik.

Ing taun 1429, Hashi ngedegake Kerajaan Ryukyu kapusat ing pulo Okinawa, lan terus njaga hubungan apik karo China. Ing taun 1609, Kerajaan Ryukyu ditaklukake karo Domain Satsuma Kyushu, kanthi izin saka Keshogunan Tokugawa. Wiwit iku, kerajaan kasebut entuk perintah saka daimyo Satsuma, nganti akhire papréntahan kerajaan dibubarake kanthi resmi lan dadi bagean integral saka Jepang dadi Préfèktur Okinawa ing jaman Kaisar Meiji. Raja Shō Tai kepeksa pindhah menyang Tokyo lan dadi bangsawan luhur ing Kekaisaran Jepang.

Budaya

Masarakat Ryukyu cenderung nganggep awake dhewe saling rumaket amarga pulau ingkang dipanggoni, lan utamane generasi tuwa asring nganggep awake dhewe iku wong Okinawain lagi wong Jepang.

Masakan Ryukyu cukup jelas nampilake pengaruh Cina lan Jepang. Wong Ryukyu seneng macem-macem masakan babi, isa saka daging utawa bagean awak liyane. Salah sawijining masakan sing terkenal yaiku Rafutei, yaiku pundhak lan weteng babi kang direndhem karo kecap, gula, lan Awamori (minuman keras lokal). Conto masakan liyane yaiku Nakami-no-suimono (sup irisan usus lan lambung babi), Mimikawa-sashimi (selada sunomono karo kuping babi), lan Ashitebichi (rebusan kikil daging babi). Kajaba iku, daging babi uga asring digawe duduh kaldu. Wong Ryukyu ora mangan akeh iwak kaya wong Jepang liane, nanging umume nggunakake rumput laut kelp, kayata Konbu-iirichi yaiku tumisan rumput laut lan daging babi. Panganan laut khas liyane yaiku Irabu (sajenis ula laut), kang diasapi lan dimasak alon-alon nganti setengah dina karo rumput laut lan kikil babi, lan dipangan minangka sup. Panganan liyane sing misuwur kanggo turis yaiku Champuru, yaiku tumis sayuran bestru, paré, gluten gandum, lan sōmen.

Agama pribumi masarakat Ryukyu yaiku kalebu animisme, lan negesake banget kanggo nyembah leluhur. Kabeh ibadah lan ritual nggunakake basa lokal, dianakake dening para pandhita wanita sing diarani Nuuru, lan uga ana dukun wanita Yuta kanggo ngobrol karo roh leluhur. Upacara prakarsa pandhita Izaihoo dianakake saben 12 taun saben taun jaran, nanging taun 1978 dadi upacara terakhir dianakake amarga ora ana sing ngerti kepiye maneh. Umume, praktik agama pribumi Ryukyu saiki wis mudhun banget.

Karaté minangka seni bela dhiri sing saiki misuwur asale saka Ryukyu, luwih tepate ing pulau Okinawa. Wiwitane, Karate dikembangake minangka seni beladiri rahasia kanggo masarakat Okinawa, amarga larangan nggawa senjata sawise penaklukan Ryukyu dening klan Satsuma. Seni bela dhiri iki wiwitane dikembangake ing Shuri, Tomari, lan Naha, minangka gabungan seni beladhiri Okinawa asli lan ditambah pengaruh seni beladiri Cina. Tokoh sing dianggep bapak saka Karate modern yaiku Higaonna Kanryō lan Ankō Itosu. Ing wiwitan taun 1900an, loro guru seni beladhiri kasebut kabuka nampa siswa lan mulang Karate ing sekolah-sekolah umum.

Dhaptar tokoh

Ing ngisor iki yaiku tokoh saka suku Ryukyu:

  • Chōjun Miyagi, ahli seni beladiri, pangadeg karate Goju-ryu
  • Cyril Takayama, pesulap
  • Gackt, musisi
  • Gichin Funakoshi, pangripta jinis karate Shotokan
  • Higaonna Kanryō, bapak saka Karate modern
  • High and Mighty Color, grup musik heavy rock
  • Mitsuo Matayoshi, politisi
  • Kadekaru Rinsho, penyanyi lagu rakyat
  • Kazuki Ganaha, pemain bal-balan
  • Kenichi Maeyamada, komposer, penulis lirik, lan musisi
  • Motobu Chōki, karateka
  • Namie Amuro, penyanyi
  • Rimi Natsukawa, penyanyi
  • Risa Niigaki, penyanyi, anggota Morning Musume
  • Ryan Higa, aktor, pelawak, produser, artis YouTube
  • Olivia Lufkin, penyanyi, panulis lagu
  • Orange Range, band
  • Shō Tai, raja pungkasan Kerajaan Ryukyu
  • Speed, klompok penyanyi lan penari wanita
  • Takeshi Kaneshiro, aktor
  • Tetsuhiro Daiku, penyanyi lagu rakyat
  • Yui Aragaki, penyanyi, aktor swara, lan model.

Dheleng uga

Referensi

Wacanan lanjutan

  • Kreiner, J. (1996). Sources of Ryūkyūan history and culture in European collections. Monographien aus dem Deutschen Institut für Japanstudien der Philipp-Franz-von-Siebold-Stiftung, Bd. 13. München: Iudicium. ISBN 3-89129-493-X
  • Ota, Masahide. (2000). Essays on Okinawa Problems. Yui Shuppan Co.: Gushikawa City, Okinawa, Japan. ISBN 4-946539-10-7 C0036.
      An excellent collection of essays by a peace activist and former governor of Okinawa. Among the issues it discusses are those affecting the development of Ryukyuan identity.
  • Ouwehand, C. (1985). Hateruma: socio-religious aspects of a South-Ryukyuan island culture. Leiden: E.J. Brill. ISBN 90-04-07710-3
  • Pacific Science Congress, and Allan H. Smith. (1964). Ryukyuan culture and society: a survey. Honolulu: University of Hawaii Press.
  • Sakiyama, R. (1995). Ryukyuan dance = Ryūkyū buyō. Naha City: Okinawa Dept. of Commerce, Industry & Labor, Tourism & Cultural Affairs Bureau.
  • Yamazato, Marie. (1995). Ryukyuan cuisine. Naha City, Okinawa Prefecture: Okinawa Tourism & Cultural Affairs Bureau Cultural Promotion Division.

Pranala njaba

Tags:

Wong Ryukyu SejarahWong Ryukyu BudayaWong Ryukyu Dhaptar tokohWong Ryukyu Dheleng ugaWong Ryukyu ReferensiWong Ryukyu Wacanan lanjutanWong Ryukyu Pranala njabaWong RyukyuPitulung:Basa JepangPribumiPréfèktur KagoshimaPréfèktur Okinawa

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Sawahꦊꦥꦼꦠ꧀Surat Al FathWikiꦖꦼꦩ꧀ꦥꦭLechonaPada lingsaꦕꦼꦊꦩ꧀ꦥꦸꦁBombasticPrastawa BudayaPada pangkatWangsa SyailéndraCitraanDarius SinathryaAllahKabiskopan OriaWiki CommonsMoaiThe SimpsonsIbnu RusydSirkumfleksPawadonanꦧꦺꦱ꧀ꦏꦥ꧀Metaforaꦥꦼꦏꦶꦁ (ꦒꦩꦼꦭꦤ꧀)Sinarmas GroupꦗꦤꦸꦂHasan al-BashriManuk tuhuCenilLudrukKukulenꦒꦿꦺꦴꦧꦺꦴꦒꦤ꧀ (ꦒꦩꦼꦭꦤ꧀)WordPressꦱ꧀ꦊꦤ꧀ꦛꦺꦴToby AlderweireldBathikNasionalismeNECPejuTedhak jadah pitung warnaMetro-Goldwyn-MayerWarangganaSunita WilliamsKerisCha Eun-wooSajarah Amérika SarékatRuwatanGajah gajahNigel de JongBathara GuruMaria VaniaWikiquoteChairul TanjungIsah-isahAksara CarakanPencak silat20 SèptèmberUniversitas Sam RatulangiBoris JohnsonSiterWayang kulitAlisSugriwaBeskapJasa Tirta IIFiqihꦧꦭꦸꦔꦤ꧀Mission Santa Clara de AsísTaling tarungFuji ElectricPersija JakartaTitilaras🡆 More