Un-Habitat

Program Padunungan Manungsa Pasarékatan Bangsa-Bangsa (basa Inggris: United Nations Human Settlements Programme utawa UN–HABITAT) iku badan Pasarékatan Bangsa-Bangsa tumrap padunungan manungsa (human settlements).

UN–HABITAT diyasa ing taun 1978 lan nduwé markas ing Kantor PBB ing Nairobi, Kenya. Organisasi iki ditugasi déning Sidang Umum PBB kanggo ngundhakaké kutha-kutha supaya luwih tahan / abadi (sustainable) ing babagan sosial lan lingkungan kanthi sasaran nyediakaké papan kang cukup kanggo sakabèhané.

Un-Habitat
Logo UN-HABITAT.

Miturut lapuran taunan 2006, lan tengah taun 2007, mayoritas sing ndunungi donya bakal urip ing kutha (cilik lan gedhé), kanggo kang sepisanan ing sajarah; bab iki sarujuk karo tekané "urban millennium". Taun 2007 sing ndunungi mlarat uga bakal ngancik angka sak milyar. Kanggo trèn mangsa ngarep, dikira-kira 93% pertumbuhan kutha bakal kadadéan ing Asia lan Afrika, lan sethithiké uga ing Amérika Latin lan Karibia. Taun 2050 punjul 6 milyar manungsa, rong proteloné manungsa urip, bakal manggon ing kutha.

Dokumèn utama kang nggambaraké mandat organisasi iki ya iku Dhéklarasi Vancouver (Vancouver Declaration on Human Settlements), Agéndha Habitat, Dhéklarasi Istambul (Istanbul Declaration on Human Settlements), Dhéklarasi Kutha (Declaration on Cities and Other Human Settlements in the New Millennium), lan Resolusi 56/206.

UN Habitat nduwé telu kantor regional, Nairobi, Rio de Janeiro, lan Fukuoka.

Kontroversi

UN Habitat mbantu proyèk pambrantasan laladan kumuh ing Durban, Afrika Kidul kang akèh dikritik amarga kanthi peksan lan ora manut kukum.

Réferènsi

Uga delengen

Pranala njaba

Cithakan:United Nations


Cithakan:Humanrights-stub

Tags:

Un-Habitat KontroversiUn-Habitat RéferènsiUn-Habitat Uga delengenUn-Habitat Pranala njabaUn-Habitat1978KenyaNairobiPasarékatan Bangsa-BangsaSidang Umum PBB

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Jun Ji HyunRowan Atkinsonꦥꦼꦏꦶꦁ (ꦒꦩꦼꦭꦤ꧀)Ambal warsaJoko WidodoSahurStephen ChowKulchaMohammad Hatta20 SèptèmberNasionalismeTumpengFiqihPada guruSalamiFardhu KifayahJanet JacksonManganAlisWangsa SyailéndraTembung panyeruPerang BadarLadya CherylPutihPallywoodZlatan Ibrahimovićꦥꦶꦫꦤ꧀ꦠꦶꦒꦩꦼꦭꦤ꧀ꦗꦮNaruto (manga)MakruhGambangAnak Jalanan (sinetron)Wikinews2 DhésèmberSugriwaGamelanAndre TaulanyWajikBudaya JawaÉjaan Basa JawaOnai MalikJermanXherdan ShaqiriOmah JogloDelimaAsem asetatCristiano Ronaldo1852Erling HaalandYuni SharaSemarPevita PearceMijilNgilé, Tulakan, PacitanJawawutEreksi klitorisRerengganCha Eun-wooThe SimpsonsInfoWarsWarangganaKuala LumpurDarius SinathryaKajiSurat Al IkhlashAvenged SevenfoldSurinameAngkakSepongGabah🡆 More