Supremasi Putih

Supremasi putih utawa supremasisme putih iku pangandel kang rasis kang pitaya yèn wong kulit putih iku unggul lan kudu dianggep luwih wigati, kuwasa, lan mrabawani tinimbang ras liyané.

Supremasi putih mulabukané saka rasisme ing jagat kawruh kang kerep gumantung marang argumèn-argumèn saka mayawidya (pseudoscience). Kaya déné obah-obahan (movement) kang sairib aran néyo-Nazisme, kang nggilut supremasi putih racaké ora nampa wong saka ras liya lan wong Yahudi minangka warganing obah-obahané.

Tembung iki uga racaké kanggo ngarani idhéyologi pulitik kang nglanggengaké lan nyengkuyung lelakon supaya wong putih tansah kuwasa ing babagan sosial, pulitik, sajarah, utawa bebadan (kaya kang kacetha ing tatanan sosiyopulitik kontèmporèr lan kapungkur, contoné ya iku dol-tinuku batur ing Atlantik, pranata Jim Crow ing Amérikah Sarékat, lan apartheid ing Aprikah Kidul). Manéka rupa supremasi putih duwé panemu kang béda-béda babagan sapa kang kagolong wong kulit putih. Manéka golongan supremasi putih nitik sawatara golongan ras lan budaya minangka mungsuhé kang pokok.

Ing jagat akadhemik, mligi ing téyori ras kritis utawa Intersèksiyonalitas, tembung "supremasi putih" uga ngemu teges tata pulitik utawa sosiyoékonomi, kang ménakaké wong putih minangka pribadi utawa golongan ing siji tatanan (privilése) déné ngiwakaké golongan ètnis liyané.

Réferènsi

Tags:

RasismeYahudi

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

WiyataSurat Al HadiidPennsylvaniaDina LorenzaHeather Storm29 AprilRuwatan Rambut GimbalWalang sangitSengkalanBagoes HadikoesoemoJoko WidodoKristenJaya SupranaStadion Santiago BernabéuBima (paraga Mahabharata)Arané pérangan awakRevalina S TematWignyanYusril Ihza MahendraDentawyanjanaDeddy CorbuzierDiana PungkyPutihMangkunagara IEvan Dimas DarmonoGathotkacaCanonBerukHappy AsmaraMalaysiaFilipinaSisingamangaraja XIICakilGaya asuTriklosanTangga nada mayorGaranganIndro (Warkop)HeksanaJawa TengahMuslimAdolf HitlerZeusUdawaKufah533PariwaraTaman Nasional Gunung Halimun SalakAlamat IPAlina KukushkinaBuruhJohnny DeppEsa Sigitꦠꦺꦥꦱ꧀Nicholas SaputraImam BonjolJatiasih, BekasiRujak CingurMat Solar1599PitCakung, Jakarta WétanStadion SiliwangiTumpeng MeganaꦒꦿꦲꦤꦱꦽꦔꦺꦔꦺVeve ZulfikarKarajan ManunggalKendhangCampursari1046🡆 More