Sindur duwé jeneng èlmiah Sindora javanica utawa Sindora sumatrana ya iku wit taunan saka kulawarga Leguminosae.
Wit iki dhuwuré bisa nganti 35 mèter lan dhiamèter galihé 80 séntimèter. Galihé silindris lan wernané klawu. Godhongé ijo nyirip. Kembangé kasusun ana ing tandhan. Kembang iki wernané putih. Wohé bundher lan ana tlutuhé wit iki pliket.
Sindur | |
---|---|
Sindora sp. | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Klad: | Angiosperms |
Klad: | Eudicots |
Klad: | Rosids |
Ordho: | Fabales |
Famili: | Fabaceae |
Subfamili: | Detarioideae |
Génus: | Sindora Miq., 1861 |
Sinonim | |
|
Kembang saka wit Sindur diprodhuksi ing sasi Mei-Juni. Déné wohé mateng ing sasi Januari-Februari. Tetuwuhan iki tuwuh mawa wiji. Pasebaran wiji direwangi dening bajing. Wit iki tuwuh 500 méter ing sadhuwuring samodra lan akèh ditemoni ing pesisir sagara kang masir. Pasebarané ana ing Jawa Kulon lan Jawa tengah.
Kayun wit Sindur bisa kanggo piranti wangunan, mèbel, lan kagunan liya.
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Sindur, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.