Santa Agnes

Santa Agnes (291–304, dipèngeti saben tanggal 21 Januari) iku sawijining santa lan martir kenya saka Gréja Katulik Roma lan Gréja-Gréja Katulik Wétan.

Panjenengané uga diakoni déning Gréja Inggris lan Komuni Anglikan sarta déning Ortodoksi Wétan. Panjenengané iku salah siji saka pitu wanita, saliyané Santa Kenya Maria, sing dipèngeti kanthi disebutaké jenengé sajeroning Kanon Misa. Panjenengané iku Santa Pelindhung kamurnèn, para tukang kebon, bocah-bocah gadis, para pasangan sing wis tunangan, para kurban ruda peksa, lan para kenya.

Santa Agnes
Santa Agnes

Miyos 291
Tilar donya 304
Dipun urmati ing Gréja Katulik Roma, Gréja Ortodoks Wétan, Gréja Anglikan, Gréja Ortodoks Oriental, Gréja Lutheran Injili ing Amérika
Papan ziarah utama Roma
Dinten pèngetan 21 Januari
Atribut cempé
Pangreksa pasangan sing wis tunangan; kaprawanan; Putra-putri Maria; Colegio Capranica ing Roma; asil panen; pasangan sing wis tunangan; tukang kebon; gadis pramuka; bocah-bocah gadis; kurban ruda peksa; para kenya; Kabiskopan Rockville Centre, New York
Santa Agnes Portal Santo

Panjenengané uga ditepungi minangka Santa Agnes saka Roma lan Santa Ines. Tanggal pèngetané ya iku 21 Januari. Sadurungé, panjenengané uga dipèngeti saben tanggal 28 Januari. Tanggal pèngetan Santa Agnes sing keloro iki dibusak sajeroning réformasi Kalèndher Gréja sawisé Konsili Vatikan II. Minangka pangurmatan marang Santa Agnes, atusan gedhong Gréja dijenengi miturut jenengé, kalebu loro gedhong Gréja gedhé sing misuwur lan sawijining Katedral Gréja Anglikan ing Kyoto, Jepang. Sajeroning seni, panjenengané dilukisaké bebarengan sawijining cempé amarga jenengé duwé kamèmperan uni karo tembung Latin agnus, sing tegesé "cempé." Jeneng "Agnes" sajatiné asalé saka adjektiva feminin sajeroning Basa Yunani, ya iku hagnē (ἁγνή) sing tegesé "bening, murni, suci." Hrosvit saka Gandersheim nulis sawijining drama ngenani Santa Agnes nalika abad kaping 10.

Uga delengen

  • Sant'Agnese in Agone
  • Sant'Agnese fuori le mura

Réferènsi

  • Attwater, Donald and Catherine Rachel John. The Penguin Dictionary of Saints. 3rd edition. New York: Penguin Books, 1993. ISBN 0-14-051312-4.
  • Woodeene Koenig-Bricker "Praying with the Saints: Making Their Prayers Your Own" Loyola Press, 2001
  • Michele Rooney "Literary Lives of the Saints"
  • Barbara Calamari and Sandra DiPasqua "Novena: The Power of Prayer" (Penguin Studio, 1999)

Pranala njaba

Tags:

21 Januari291304Gréja Katulik RomaGréja OrtodoksKenyaKomuni AnglikanMariaRitus WétanRuda peksaSanta

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

RomaniaGunung Seulawah AgamEmpon-emponPrancis1190041GNew PallapaObahan Non-BlokMie ayamKerata basaAlsaceWukuOlimpiade Musim Panas 2012AmaraSurat Al KaafiruunManungsaSurat Al Jin1851Melamina2023Pratélaning nagara bagéan Amérika Sarékat miturut cacah sirahMekanika lemahZona wektuA.F.C. Wimbledon3BCombroBasa JawaRomaDhaptar julukan negara bagéan Amérika SarékatAmoniaPersijap Jepara93PoseidonJihadAirlangga Hartarto2024Préfèktur ShizuokaFilemBalap motorOksigènLimas (Wangun)HollywoodKapulagaSetuBasa Hawai'iGrontolBaladéwaRuwatanWiki FoundationWayang kulitBopomofoYoniꦆꦤ꧀ꦝꦺꦴꦤꦺꦱꦶꦪꦃ1957Upacara tingkebanSegara AbangKemangga23Daihatsu TeriosSiramanSirimavo BandaranaikeDasanamaKomando Daerah Militer III/SiliwangiTajikistan481830🡆 More