Salangsang ya iku sejenis waditra Gambang atawa saron (saron gedé) kang nganggo watang-watang pipa, silinder atawa cerobong logam.
Pipa logam iki minangka bahan dhasar kang ngasilnang munié. Salangsang ning jaman sekien wis ora lazim kanggo kelengkepan waditra gamelan. Salangsang iki perkembangan sing waditra galunggang petung kang nganggo pring. Waditra iki kegolong waditra wilah sanajan bentuk wilahé kaya pipa atawa silinder. Salangsang ngasilaken muni nada kang kenceng atawa banter. Waditra iki bisa ngasilaken nada-nada céngkok. Kaya galunggang petung, salangsang iki dipasang nganggo cara digantung tali cilik ning kerangka kayu kang karan plangkon. Waditra iki ditabuh ning wilahé kanggo gada cilik sing kayu. Salangsang iki dadi sebab berkembangé jinis gamelan krumpyung sing pada-pada kanggo pring.
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Salangsang, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.