Paul Scholes (lair 16 Novèmber 1974; umur 49 taun) inggih punika juru main bal-balan saking Inggris, ingkang dangu lan ngantos dumugi pensiun main ing klub Manchester United (MU).
Manawi main bal-balan, Paul Scholes pikantuk posisi minangka gelandhang utawi midfielder. Scholes dados salah satunggalipun pemain génerasi emas Manchester United ingkang dipunurmati sanget déning sadaya fans amargi keprigelanipun anggènipun main bal, sopan santunipun ing lapangan lan ing njawi lapangan. Scholes dados génerasi Class of '92 Manchester United (génerasi Manchester United taun 1992), sesarengan kaliyan Ryan Giggs, Gary Neville, Phil Neville, David Beckham, Kevin Pilkington, Robbie Savage, lan pemain sanèsipun ingkang nyebar ing liga-liga dhomestik Inggris.
Katerangan priangga | |||
---|---|---|---|
Jeneng dawa | Paul Scholes | ||
Dhuwur | 1.71 m (5 ft 7 1⁄2 in) | ||
Posisi main | Midfielder | ||
Karir nom | |||
1991–1994 | Manchester United | ||
Karir sénior* | |||
Taun | Tim | Main | (Gul) |
1994–2011 | Manchester United | 466 | (102) |
Tim nasional | |||
1997–2004 | England | 66 | (14) |
* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 13:54, 23 May 2011 (UTC). |
Scholes lair ing Hope Hospital ing kutha Salford, Inggris. Scholes gladhèn main ing Manchester United wiwit yuswanipun sekawan welas taun, lan miwiti debut kaliyan MU ing taun 1994/1995 mungsuh klub Ipswich Town. Scholes main ing tim nasional Inggris wiwit tan 1997 ngantos 2004, ndhèrèk main ing Piala Dunia FIFA 1998, lan Piala Dunia FIFA 2004. Scholes sampun ngoleksi 120 kartu kuning. Scholes sampun main ping 676 ten klub Manchester United, lan pensiun tanggal 31 Mèi 2011.
raga/2011/05/110531_scholesretired.shtml Glandhang Manchester United Paul Scholes mundur
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Paul Scholes, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.