Gary Neville: Mantan juru main bal-balan Inggris

Gary Alexander Neville (lair ing Bury, Greater Manchester, Inggris, 18 Fèbruari 1975; umur 49 taun) ya iku salah sijiné mantan juru main bal-balan teka Inggris.

Neville ndisik posisiné ya iku Bèg tengen lan main kanggo Manchester United sakdawané kariré. Ndèk klub kuwi piyambaké dadi kapten tim sakdawané 5 taun. Piyambaké uga tau main kanggo Inggris ya iku ping 85.

Gary Neville
Gary Neville: Mantan juru main bal-balan Inggris
Katerangan priangga
Jeneng dawa Gary Alexander Neville
Tanggal lair (1975-02-18) 18 Fèbruari 1975 (umur 49)
Papan lair Bury, Greater Manchester, England
Dhuwur 5 ft 11 in (1.80 m)
Posisi main Right-back
Karir nom
1991–1992 Manchester United
Karir sénior*
Taun Tim Main (Gul)
1992–2011 Manchester United 400 (5)
Tim nasional
1992 England U16 1 (0)
1992–1993 England U18 8 (0)
1995–2007 England 85 (0)
Tim dikemunah
2012–2016 England (assistant)
2015–2016 Valencia

* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi.


Neville ngenekné kariré ndhik Old Trafford, sing nggawé piyambaké dadi salahsijiné juru main bal-balan sing loyal ana ing timé. Wektu piyambaké pensiun taun 2011, piyambaké dadi juru main Manchester United paling suwé nomer 2 sing mbela tim kuwi, sawisé Ryan Giggs.

Tetandhingan kapisan internasionalé ya iku taun 1995 lan dadi pilihan kapisan kanggo klub utawa nagara kura luwih sakdawané 10 taun.

Neville kuwi masé juru main bal-balan lan kapten Everton Phil Neville, sing uga tau dadi pamainé Manchester United (teka taun 1993 nganti 2005). Adiké Tracey Neville dadi juru main bola jaring kanggo Inggris, Jill ibuné kerja dadi receptionis kanggo Bury.

Wiwit pensiun ndhik akir mangsa 2010-11, Neville dadi komentator bal-balan kanggo Sky Sports. Ndèk tanggal 14 Mèi 2012, Piyambaké nandatangani kontrak sing dawané 4 taun karo FA kanggo dadi salah siji pelatih ndhik staf kepelatihan timnas Inggris sing dimanajeri karo Roy Hodgson sing bakal tampil ndhik Euro 2012. Sawisé gelaran Euro 2012, Neville nyoba peruntungané dadi juru latih, klub gedhé sepisan kang dilatih yaiku Valencia C.F., nanging sasuwené ora nganti semusim Neville dipecat déning klub jalaran kaanggep gagal gawa Valencia tampil apik. Saiki Neville makarya ing salah siji stasiun tipi Inggris dadi pundit utawa komentator bareng mantan pamain bal liyané.

Cathetan suku

Tags:

18 Fèbruari1975Bal-balanBègInggrisManchester United F.C.Tim nasional bal-balan Inggris

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Andre TaulanyDhaptar balung rangka manungsaYoghurtShalahuddin al AyyubiReza RahadianGeorgia (praja)AbujaOstraliSunan Gunung Jati1927Surat Al FurqaanMataBalap JaranKaviarAntoine-François FourcroyMa Dong-seokLuna MayaEritrositStadion OlimpicoAkupunkturElton JohnSurat Al MuddatstsirMia KhalifaRasukan adat JawaPangidhèntifikasi Obyèk DigitalNéroBongkoLinkin ParkWènenSariawanRangkaian MelatiMariaSaronÉnérgi panas bumiAndroidInstagramMy Chemical RomanceBasa InggrisLagosPuérto RikoLauraceaeMotorola Talkabout T2288Majelis Permusyawaratan RakyatDavid CameronPapan Anggegana Tegel BerlinWignyanSurat Al An’amGeorge III saking Britania Rayaꦠꦺꦥ꧀ꦭꦺꦴꦏ꧀SinomGutasiKencing ManisWikipédia basa JawaPark Shin-hyeÈkspédhisi Utsmaniyah dhateng AcèhČvarciGambuhPaus Yohanes Paulus II20 MaretPasarékatan Bangsa-BangsaKumbakarnaLadya CherylEuroPawadonanKorupsiBumiIwak EpéFardhu KifayahSamuel RizalPangkurPutri Patricia19 Agustus🡆 More