Blabag Indung

Blabag indung (Indonésia papan induk, Inggris motherboard) inggih punika papan utama ingkang wonten komponèn-komponèn komputer saha chip ingkang ginanipun kanggé ngatur lalu lintas data wonten ing sistem papan induk.

Papan punika ugi asring dipunsebut mainboard utawi mobo. Ing papan induk punika wonten socket utawi papan kanggé processor saha slot kanggé masang komponèn kartu kados ta VGA card, Random Access Memory utawi RAM, kertu suara utawi soundcard, Internal Modem lan sanès-sanèsipun .

Blabag Indung
Blabang indung komputer

Ingkang wigati pangginaan jinising prosessor punika paring prabawa kaliyan pamilihan papan induk. Papan induk punika papan kanggée medal lan mlebeting data, ngubungaken sadaya piranti komputer, lan damel kerjasama saéngga komputer saged mlampah kanthi lancar. Kualitasipun papan induk katamtukaken sanget déning chipset ingkang kapasang ing dalem kados SIS, Nvidia force, Intel, VIA, lan sanès-sanèsipun.

Cara kerjanipun papan induk punika wonten ing sistem komputer, peripheral-peripheral kasambung wonten papan induk lan saged nglajengaken pakon kanthi jalur-jalur ingkang wonten ing board. padatanipun papan induk dados distribusi data ingkang mlebet.

Ginanipun blabag indung

  • Ngatur piranti menapa kemawon ingkang saged dipunpasang wonten ing komputer.
  • Kanggé papan chipset lan program BIOS ingkang ginanipun kanggé ngatur data komponèn komputer sanès.
  • Kanggé komunikasi amargi sadaya komunikasi komputer medal papan induk punika.

Miturut pangginaan prosessor, papan induk punika kapérang dados 3 pérangan, inggih punika:

  • kanggé Dual Prosessor,
  • kanggé Intel Prosessor, lan
  • kanggé AMD Prosessor.

Satunggaling papan induk wonten warna-warna komponèn kados ta:

  • Socket prosessor
  • Chipset
  • bus controller
  • slot panyimpenan
  • slot expansion
  • port drive
  • BIOS
  • ROM
  • Power Connector

Pérangan-pérangan papan induk

Salah satunggaling pérangan wigati saking papan induk punika chipset. Chipset ingkang kalebet IC kanthi ukuran alit punika gadhah fungsi inti. Ginanipun chipset punika kanggé ngatur aliran data wonten ing unit komputer. Pérangan sanèsipun punika Integrated Drive Elevctronics utawi IDE. Fungsinipun IDE punika kanggé ngatur lan ngubungaken sadaya piranti kasar ingkang kawaos wonten ing komputer kados ta saluran CDROM, hard disk, lan disk drive sanèsipun. Pérangan salajengipun punika Intregrated Graphic Controller ingkang kalebet chip gegayutan kaliyan grafis.

Cathetan sikil

Tags:

Basa IndonésiaBasa InggrisKertu suaraKomputerProcessorRAM

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

KalkulusÉjakulasiISBNKasus génitifKutha SurabayaUmar bin Abdul AzizKamentrian Kaséhatan Republik IndonésiaWunguSatelit alamiStadion Gelora Bung KarnoYodiumPamenging gendul plastikBasa kramaVladimir PutinMakauTaman Mini Indonésia IndahGemblongMilanoPucungTaman Nasional RedwoodSurat Al HadiidRuwahanUzbèkistanAngka JawaKumbakarnaOmah JogloSundaePHTembung ngombé lan ngunjukBèkelanAri SigitDaftar Mentri Pertahanan Républik IndonésiaA.C. Chievo VeronaKucingPallywoodJinising paragrafPencak silatKerata basaNagita SlavinaGajahWajik1530-anKleponWektuNeptunusMalaysiaGisella AnastasiaMuhammad Arsyad al-BanjariMegawati PrabowoFlorentino PérezChristopher ColumbusXbox 360FosforMontor mabur nirawakYoniBimasektiDhandhanggulaYusril Ihza MahendraJawaPizza HutTia IvankaJesse JamesPlanitTembung wodGibran RakabumingSurat As SajdahYupiterJenang sungsumMarsQatarGandane arum jambanHaumeaAngsangLee HyoriAnak Jalanan (sinetron)🡆 More