Piranti Kasar

Piranti kasar komputer iku kabèh pérangan fisik komputer, lan dibédakaké karo data kang ana ing sajeroné utawa kang lumaku ing jeroné, lan dibédakaké karo piranti alus (software) kang nyadiakaké instruksi marang piranti kasar sajeroning ngayahi tugasé.

Piranti Kasar
Pérangan papan indhuk (motherboard) saka sawijiking piranti kasar komputer.

Wates antara piranti kasar lan piranti alus bakal rada kurang cetha nalika kita wicara ngenani firmware, amarga firmware iki wujud piranti alus kang "digawé" ing sajeroning piranti kasar. Firmware iki wujud wewengkon ing babagan èlmu komputer lan tènik komputer, kang arang dikenal déning umum.

Komputer lumrahé wujud komputer pribadi, (PC) sajeroning wangun desktop utawa menara kotak kang dumadi saka pérangan:

  • Papan sistem/papan indhuk kang dadi wadhah tumrap CPU, mémori , slot vga, lan duwé slot kanggo kartu tambahan.
    • RAM - papan panyimpenan data sauntara wektu,saéngga piranti alus kang kita anggo bakal kasimpen sauntara wektu, saéngga komputer ora perlu tansah ngaksès hard disk kanggo golèk data. Gunggung RAM kang luwih gedhé bakal mbiyantu kacepetan PC
    • Buses:
    • ROM (Read Only Memory) papané firmware
    • CPU (Central Processing Unit) minangka utek lan pérangan utama komputer
  • Power supply - sawijining kothak kang nyaluraké daya menyang papan indhuk transformer, kontrol voltase lan kipas
  • Pangontrol panyimpenan, saka jinis IDE, SCSI utawa SATA utawa liyané, kang ngontrol hard disk, Floppy disk, CD-ROM, DVD-ROM lan drive liyané; kontroler iki dumunung ing papan indhuk utawa ing kartu tambahan
  • Pengontrol penampilan video kang mrodhuksi output tumrap komputer display
  • Pangontrol komputer bus (paralel, serial, USB, Firewire) kanggo nyambung komputer karo piranti tambahan njaba liyané kaya printer utawa scanner
  • Sawetara jinis panyimpenan komputer:
    • CD - tipe paling umum médhia kang bisa dicopot, murah nanging gampang rusak.
    • DVD
      • DVD-ROM
      • DVD-RW
      • DVD-R
    • Floppy disk
  • Panyimpenan njero - nyimpen data sajeroning komputer kanggo jangka suwé.
    • Hard disk – kanggo nyimpen data jangka suwé
    • Disk array controller
  • Kartu swara - nerjemahaké signal saka papan sistem menyang basa kang bisa dimangertèni speaker, lan duwé terminal kanggo nyolok kabel swara speaker.
  • Jaringan komputer - kanggo ngubungaké komputer menyang internèt lan/utawa komputer liyané.
    • Modem - médhia penyambung marang koneksi internèt.
    • Kartu network - kanggo internet DSL/kabel, lan/utawa ngubungaké ke komputer lain.
  • Piranti liyané.

Minangka tambahan, piranti kasar bisa nglebokaké komponèn njaba liyané. Ing ngisor iki wujud komponèn standar utawa kang umum dipigunakaké.

Uga delengen

  • Arsitèktur komputer
  • Piranti alus
  • legacy system
  • Open hardware
  • optical computer
  • DNA computer
  • Sajarah piranti kasar komputer
  • Asal istilah komputer

Unit kontrol manual

Nalika nggunakake unit kontrol manual, output regulator disambungake menyang aktorator liwat unsur-unsur pengalihan unit kasebut. Kanthi menet tombol ing blok, awak eksekutif dipindhah.

Cathetan

Pranala njaba

Piranti Kasar 
Wikibooks
Wikibooks gadhah buku kanthi sesirah



Tags:

Piranti Kasar Uga delengenPiranti Kasar Unit kontrol manualPiranti Kasar CathetanPiranti Kasar Pranala njabaPiranti KasarKomputerPiranti alus

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Kabiskopan Sainte-Anne-de-la-PocatièreÉnérgi kaanyarakéMarmutNajwa ShihabLimaFlipped (filem)GamelanSikasWikispeciesAvenged SevenfoldSurat Al BaqarahLemahWayang kulitOne Ok RockSonyWest Ham United F.C.Tora SudiroBathara SuryaKabupatèn BloraZinédine ZidaneAngkor WatSambarRetna MarsudiKarnaDian NitamiDian SastrowardoyoꦥꦁꦒꦮꦺꦫꦺꦴꦠꦶMangkunagara IValencia CFJenang KudusKabiskopan AlmeríaTyson GayIdi Amin DadaZoological Society of LondonJaringsanaBabatLee Min HoKabukicho Love HotelBlangkonIndra BruggmanJoel KinnamanDeli Tua, Deli SerdangNguyuhAmérika SarékatRukun ImanTionghoa TaipeiJalaluddin RumiKabiskopan Suburbikaris AlbanoAstra InternationalRoti CanaiSunan Gunung JatiUmpan gaweanImamAbdul SomadBasa JawaPhabricatorAgus MustofaTutti fruttiTèknologi365IPadTèknologi informasiMarokoWikipédia1898SingaEdison ChenKumbakarnaOlah-olahWayback MachineFernando Torresadu jago🡆 More