Mahmud Abbas

Mahmoud Abbas (Arab: محمود عباس) (lair ing Safet, 26 Maret 1935; umur 89 taun); limrahipun misuwur kanthi asma miturut kunya utawi nom de guerre Abu Mazen (ابو مازن) inggih punika Présidhèn kapilih ing Pemilu Présidhèn taun 2005 tumrap Otoritas Nasional Palestina (PNA: Palestinian National Authority) ing tanggal 9 Januari 2005.

محمود عباس
Mahmoud Abbas
Mahmud Abbas
Présidhèn Otoritas Nasional Palestina Ke-2
Linggih
15 Januari 2005 – 09 Januari 2009
Kang sadurungéRauhi Fattouh (Interim)
Kang sawiséMarwan Barghouti
Rerincèn dhiri
Lair26 Maret 1935
22x20px|British Mandate of Palestine Safed, Mandat Britania atas Palestina
BangsaArab Israèl
Parté pulitikFatah
SisihanAmina

Mahmoud Abbas lair lan ageng ing Safet. Sasampunipun lulus sekolah dhasar ing kutha punika, Abbas pindhah dhateng Suriah sasampunipun perang taun 1948. Abbas nglajengaken sekolah menengah lan pawiyatan inggil ing kutha Damaskus. Sasampunipun tamat saking jurusan hukum ing Universitas Damaskus, panjenenganipun damel lembaga Palestina ingkang sepisanan ing taun 1954 ing Suriah. Taun 1960-an, Abbas dados pegawé Departemen Pendidikan ing Qatar lan ing wekdal punika Abbas kekancanan kaliyan Yasser Arafat (1929-2004). Abbas dados anggota Majelis Nasional Palestina taun 1968 lan mimipin satunggalipun perundhingan boten resmi kaliyan Israèl ing taun 1977.

Mahmud Abbas
Abbas kaliyan Présidhèn Barack Obama ing the Oval Office

.

Wiwit taun 1983, Abbas dados anggota komite èksekutif Organisasi Pembebeasan Palestina(PLO) sarta mimpin komite nasional lan internasional ingkang konsentrasinipun ing sadaya bab organisasi non-pamaréntah. Abbas miwiti perundhingan rahasia kaliyan Israèl ing taun 1989 kanthi pambiyantunipun Walanda. Panjenenganipun tetep nglaksanakaken aktivitasipun perundhingan rahasia kaliyan Israèl nalika lan sasampunipun Konferensi Madrid taun 1991. Sasampunipun Konferensi Madrid, Abbas pinitados minangka koordinator urusan perundhingan.

Cathetan suku

Pranala njawi

Open Directory Project - Mahmoud Abbas Archived 2007-10-15 at the Wayback Machine.


Tags:

1935200526 Maret9 JanuariBahasa ArabOtoritas Nasional PalestinaPrésidhèn

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Surat Al QadrOrganismeMoldhophaMicrosoftShabeellaha Hoose1970AsmaradanaPaus Innosentius IVWikibooks19JanuariXia KulonParisHaarenIklanSurat As SajdahIwakTaunBonangCari Aku di CantiPitAlkitabWong AlasKaamiran Arab ManunggalThiwulKali NilOklahomaAbad ping 19BudayaTaman2Wangsi30 JuniGendèrChazey-sur-AinDistrik ing TurkiLaut KaspiaPangkurAksara PégonInggris3Setu1898UniversitasMohammad HattaGugon tuhonWikisumberLukisan lengaCheng Ho7Carolina LorAlisJulius CaesarJurudemungTrontongDhialèk PacitanThomas MannAbangSurat At TalaqZinédine ZidaneDrupadiAfrikaBarakudaWali BandKagunanEmasDublinNyadranBAfrodhit48Lawang SèwuKalanjana🡆 More