Luwak

Luwak iku kéwan nyusoni (mamalia) kang kalebu suku musang lan garangan (Viverridae).

Luwak
Luwak
Luwak, Paradoxurus hermaphroditus.
Lukisan déning Gustav Mützel, 1927.
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Mammalia
Ordho: Carnivora
Famili: Viverridae
Subfamili: Paradoxurinae
Génus: Paradoxurus
F. Cuvier, 1821
Spésies: P. hermaphroditus
Jeneng binomial
Paradoxurus hermaphroditus
(Pallas, 1777).

Jeneng ngèlmiahé ya iku Paradoxurus hermaphroditus lan ing Malaysia ditepungi minangka musang pulut. Kéwan iki uga diarani mawa manéka sebutan liya kaya ta musang (jeneng umum, Betawi), careuh (Sundha), musang luwak (Indonesia) sarta common palm civet, common musang, house musang utawa toddy cat sajeroning basa Inggris.

Jinis kang sakerabat lan panyebaran

Ana papat spésies luwak saka marga Paradoxurus, ya iku:

  1. Paradoxurus hermaphroditus, luwak, kang nyebar wiyar wiwit saka India lan pérangan lor Pakistan ing kulon, Sri Lanka, Bangladesh, Burma, Asia Kidul-Wétan, Tiongkok kidul, Ujung Malaya tekan Filipina. Ing Indonésia ana ing Sumatra, Kalimantan, Jawa, Nusa Tenggara, Sulawesi pérangan kidul, sarta Taliabu lan Seram ing Maluku.
  2. Paradoxurus zeylonensis, nyebar winates ing Sri Lanka.
  3. Paradoxurus jerdoni, nyebar winates ing praja Kerala, India kidul.
  4. Paradoxurus lignicolor, nyebar winates ing Kapuloan Mentawai.

Jinis kang sarupa

  • Musang akar (Arctogalidia trivirgata), mawa buntut kang lumrahé luwih dawa saka endhas lan awaké, telu garis geger kang tanpa utawa mèh ora pedhot, lan ora duwé bintik-bintik ing sisih awaké. Musang akar urip ing alas.
  • Musang galing (Paguma larvata), racaké luwih abang (tengguli), tanpa bintik-bintik ing sisih awak, rai putih semu kuning mawa ‘topèng’ peteng semu ireng ing kiwa-tengené mata.
  • Musang rase (Viverricula indica), buntut belang-belang sampurna, ireng putih, 6-9 cacahé.

Rujukan

  • Corbet, G.B. and J.E. Hill, 1992, The Mammals of the Indomalayan Region: a systematic review. Nat. Hist. Mus. Publ. and Oxford Univ. Press.
  • Cranbrook, Earl of., 1987, Riches of the Wild: land mammals of South-east Asia. Oxford Univ. Press, Singapore. ISBN 0-19-582697-3
  • Payne, J., C.M. Francis, K. Phillipps, dan S.N. Kartikasari. 2000. Panduan Lapangan Mamalia di Kalimantan, Sabah, Sarawak & Brunei Darussalam. The Sabah Society, Wildlife Conservation Society-Indonesia Programme dan WWF Malaysia. ISBN 979-95964-0-8
  • Tweedie, M.W.F. and J.L. Harrison, 1988, Malayan Animal Life, Longman, Petaling Jaya, Selangor Darul Ehsan. ISBN 0-582-69449-3

Pranala njaba

Tags:

Luwak Jinis kang sakerabat lan panyebaranLuwak Jinis kang sarupaLuwak RujukanLuwak Pranala njabaLuwakBasa IndonesiaBasa InggrisBasa SundhaKéwanMamalia

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

FC DžiugasAtom1911Surat Al An’amGanésaSurat Al MujaadilahPiknik wudaKabupatèn KaranganyarKuwaitManuel RoxasMoldhophaUlu Rawas, Musi RawasÉkonomètrikaBopomofoTaun2013ELos AngelesBarabudhurPlexus brachialisOpor ayamAJihadSetuWikisumberSurat Al JinPamanasan globalAngkah, Selemadeg Kulon, Tabanan9NguyuhPréfèktur GifuRachel AmandaRamadanSkleraMitokondriaGS1Kabupatèn Padang LawasDedi NatadiningratTajikistanRizky RidhoGunung Seulawah AgamKasaktènHollywoodVlad ŢepeşTembung ngoko jenengKacang brol1830Yamaha L2 SuperWindows VistaPatih SuwandaJakaJoko SusiloPratélaning blegering OstenrikAbad ping 18CombroMetro-Goldwyn-Mayer1934WayangSCTVSemir rambutKrimPaléozoikumSirkon (Zirkon)1944Angga Aldi YunandaKit HaringtonPratélan pawiyatan luhur swasta ing JakartaCatalunya1957🡆 More