Lee Byung-hun (이병헌) lair tanggal (1970-07-12) Juli 12, 1970 (umur 53), dhèwèké iku aktor, modhèl lan penyanyi saka Koréa, Lee Byung-Heon miwiti kariré ning donya peran ing filem drama televisi kag judhulé ASPHALT MY HOMETOWN ning taun 1991 nanging nembé kondhang nalika mainaké peran ning filem kang judhulé JOINT SECURITY AREA, filem mau bisa nembus box office, awit iku jeneng saka Lee Byung-Heon wiwit dipertimbangaké.
Lee Byung-hun | |
---|---|
Lair | Seoul, Koréa Kidul | Juli 12, 1970
Bangsa | South Koréa |
Pakaryan | Actor |
Taun aktif | 1991–saiki |
Agèn | BH Entertainment |
Sana jaringan | www.leebyunghun.kr |
Korean name | |
---|---|
Hangul | 이병헌 |
Alihaksara Koréa Kang Sinampurna | I Byeong-heon |
McCune–Reischauer | Yi Pyŏnghŏn |
Kamampuan akting Lee Byung-Heon wiwit kondhang awit meranaké peran ning filem BUNGEE JUMPING OF THEIR OWN ning taun 2001. Awit miwiti karir ning donya seni peran, ora kurang saka 15 filem wis tau dibintangi dhèwèké, kaya ta filem kang judhulé ADDICTED, A BITTERSWEET LIFE lan HERO.
Dadi aktor, Lee Byung-Heon wis akèh narima panghargaan, kaya ta saka KBS, Busan Cinemas Critics Award, lan Korean Film Award. Awit taun 1992, Lee Byung-Heon wis ngeraih ora kurang saka telulas panghargaan ning babagan seni peran.
Aktor Koréa kang uga pinter basa Inggris, Perancis lan Mandarin iki meranaké tokoh antagonis Storm Shadow, ninja lan ahli bela dhiri saka pihak mungsuh ning filem G.I JOE: RISE OF COBRA, filem kang diputer ning taun 2009.
Film-filem kang tau dibintangi Lee Byung Heon:
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Lee Byung Heon, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.