Kutha Tanjungpinang: Kutha krajan Provinsi Kapuloan Riau, Indonésia

Cithakan:Kutha krajan provinsi

Barkas:Kutha bestari Tanjung Pinang.JPG
Tanjung Pinang, Kutha Bestari

Kutha Tanjung Pinang iku salah siji kutha sisan minangka kutha krajan saka Provinsi Kapuloan Riau, Indonésia. Dumunung ing koordinat 0º5' Lintang Lor; 104º27' Bujur Wétan. kutha iki duwé pesona narik kawigatèn kanthi manéka warna kultur budaya suku saka amèh kabèh bebrayan ing Indonésia lumebu ing kutha iki, nganggo basa Melayu kang isih kagolong klasik, lan rada unik keprunguné nanging duwé daya tarik. Kutha iki duwé akèh area wisata kaya déné Pulo Penyengat kang leté mung watara 2 mil saka plabuhan sagara Tanjung Pinang, pasisir Trikora kanthi pasir putihé kurang luwih 65 km saka kutha lan pasisir Cermin ing punjer kutha. Tanjung Pinang ditingkataké statusé dadi kutha miturut UU Nomor 5 Taun 2001 tanggal 21 Juni 2001.

Ana kutha cilik kang leté kurang luwih 24 km saka kutha iki kang jenengé Kota Kijang.

Plabuhan sagara Tanjung Pinang (plabuhan Sri Bintan Pura) duwé kapal-kapal jinis feri lan feri rikat kalebu uga speedboat kanggo aksès domestik menyang pulo Batam lan kutha-kutha liya ing Riau dharatan, Kapuloan Karimun lan Kundur, sarta aksès internasional menyang Nagara Malaysia lan Singapura

Pamaréntahan

Kutha Tanjungpinang dibawahi walikutha, kang wektu iki dijabat déning Suryatati A.Manan (periode 2007-2012). Wewengkon Kutha Tanjungpinang sabanjuré dipérang manèh dadi 4 kacamatan lan 18 kalurahan.

Kacamatan

Barkas:Gedung Perpustakaan Tanjung Pinang.JPG
Gedung Perpustakaan ing Jl. Sukarno-Hatta Tanjung Pinang

Kacamatan-kacamatan ing kutha Tanjung Pinang yaiku:

  • Tanjungpinang Kulon
  • Tanjungpinang Kutha
  • Bukit Bestari
  • Tanjungpinang Wétan

Transportasi Kutha

Kutha Tanjung Pinang dipirantèni 1 plabuhan domestik lan Internasional sarta Papan Anggegana Kijang Internasional

Géografi

Sapérangan gedhé wujud dhataran cendhèk lan kawasan rawa bakau saéngga nggampangaké upaya pengembangan kutha.

Iklim

Tropis teles kanthi temperatur 18 °C – 30 °C Tekanan hawa 1.010,2 mbs – 1.013,7 mbs

Mangsa

Barkas:Boat-race, Tanjung Pinang.JPG
Pelataran Dragon boat-race ing sisihé plabuhan Tanjung Pinang

Mangsa udan: September – Juni Mangsa katiga: Juli-Agustus

Pranala njaba

Tags:

Kutha Tanjungpinang PamaréntahanKutha Tanjungpinang Transportasi KuthaKutha Tanjungpinang GéografiKutha Tanjungpinang Pranala njabaKutha Tanjungpinang

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Saridin (Syeh Jangkung)Simon PetrusUlate bening leriTokugawa IeyasuWikisastraGanjar PranowoSt. PetersburgIbnu SinaSalam Lintas AgamiLiputan 6 PetangRocket RockersBale Sigala-galaAgeng TirtayasaSrabiBlogMedia CirebonRizky RidhoTèknologi informasiBanjirParikanMasjid NabawiTèknologiMikèl ArtétaVladimir PutinKodhok godhogBudi UtomoKim Tae-heeJeruk purutSlumdog MillionaireNathan Tjoe-A-OnKethukultravioletÈnsiklopédhiFirman UtinaCut Nyak Meutia800Gita WirjawanAlizéeSalman bin Abdul-Aziz Al SaudBasa MaltaSlenthemNike ArdillaRamaSurtanahKandangan, Hulu Sungai KidulSerat WulangrèhBillie EilishTasTadashi MaedaYouTube2020SepongOlah-olahan InggrisAgus MustofaFilem pornoÉjakulasiKarim BenzemaStadion SiliwangiAngkor WatSepur MalabarJurudemungKanayakan IndonésiaPutihMa'ruf AminGajah MadaArané pérangan awakTata SuryaGathotkacaPérakPananggalan JawaPamenging gendul plastikSekatènHalloweenPatih SuwandaElipsKemayoran, Jakarta Pusat🡆 More