Sajeroning linguistik, kulawarga basa Filipina ya iku golonganing basa kang diusulaké Robert Blust nalika taun 1991.
Usulané mratélakaké manawa basa-basa kang kapernah ing Filipina lan Sulawesi bang lor—kajaba basa Sama–Bajo (basaning "para nglembaraning sagara") lan sawenèh basa ing Palawan—padha nunggal kulawarga turunan saka trah basa Austronésia. Masiya laladan Filipina cedhak teleng pasebaraning wong Austronésia, ya iku Pulo Formosa, kaanan warna basa ing kana mung sithik saka udakara 150 basa Filipina kang ana. Iki nuduhaké yèn warna basa kang ana sadurungé nuli ora lestari mentas sumebaring nènèk moyaning para nutur basa-basa Filipina modhèren. Kulawarga basa Filipina minangka kulawarga basa tan-Formosa kang tuwa dhéwé sajeroning trah basa Austronésia. Sawenèh basa isih nguri-uri uni pepet saka basa proto-Austronésia lan purwakanthi uni d–r, kang padha ora lestari ana ing basa-basa Sunda–Sulawesi.
Pilipina | |
---|---|
Pasebaran | Filipina Sulawesi Lor, Indonésia Sabah Wétan, Malaysia |
Pepanthaning basa | Austronésia
|
Turun |
|
ISO 639-2 / 5 | phi |
Glottolog | Ora ana grea1284 (Greater Central Philippine) |
Kulawarga basa Filipina, saka Adelaar lan Himmelmann (2005) |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Kulawarga basa Filipina, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.