Kepel

Stelechocarpus burahol (Blume) Hook.

Kepel atau burahol
Kepel
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Filum: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Fabales
Famili: Annonaceae
Génus: Stelechocarpus
Spesies

& Thomson

Tuwuhan kepel utawa burahol (Stelechocarpus burahol) ya iku wit kang ngasilaké woh hidangan méja kang dadi flora identitas Dhaérah Istiméwa Yogyakarta. Woh kepel disenengi déning puteri karaton-karaton ing Jawa amarga dipercaya bisa gawé kringet duwé ambu kang sedhep lan banyu uyuh kang ora mambu. Ing Jawa wetan ana uga sing ngarani simpol lan kecindhul. Ing Sunda uga ana sing ngarani turalak.

Wedharan

Kepel iku kalebu ing kulawarga Annonaceae. Wit kepel bisa tuwuh nganti dhuwur 25 mèter lan dhiamèteré 40 sèntimèter. Galihé benjol pratandha tilas kembang lan godhong. Godhong tunggal kanthi ukuran 2-6 cm ngelonjong. Godhongé ijo tuwa lancip. Kembangé tunggal lan arum gandané. Kembang lanang ana ing bageyan dhuwur lan nggerombol 8-16. Kembang wadon ana ing ngisor. Wohé soklat klawunan. Wohé uga arum lan rasané legi. Wijiné werna ireng lan ana 4-6 saben woh.

Ékologi

Wit kepel kasebar ing Asia kidul wetan nganti kepuloan Solomon. Kepel bisa tuwuh ing alasa sekundhèr utamané ing lemah teles. Tetanduran iki bisa tuwuh ing lemah 600 mèter ing dhuwur samodra. Kepel bisa tuwuh kanthi wiji.

Piguna

Wit iki bisa dadi tetuwuhan hias. Ana ing pekarangan bisa kanggo éyup-éyup. Kayuné bisa kanggo prabot omah lan piranti wangunan. Wohé bisa dipangan langsung utawa dadi jus. Kepel bisa kanggo obat lan kosmètik. Buah iki uga bisa nyepetaké regenerasi sèl lan nggawé awèt enom.

Rujukan

Tags:

Kepel WedharanKepel ÉkologiKepel PigunaKepel RujukanKepel

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Egy Maulana VikriJamie VardyPakistanHindhuSuster KeramasÉropaUntung SurapatiSirimavo BandaranaikeEsa Sigit621Mat SolarDonna AgnesiaWungulaos (nagara)Tanah LotAri WibowoAda BandCoboy JuniorAsem lemakTembang dolananGaya asuPersija JakartaNadiem MakarimSepi ing Pamrih Ramé ing GawéWiyataWetengTugu ProklamasiBrokohanTumpeng MeganaBale Sigala-galaZeusRujak CingurAli MoertopoBegawan Sempaniꦥꦺꦱ꧀ꦠPee Wee GaskinsGunung LawuKatakana29 Juni18 JuliParis Saint-Germain FCSiswondo ParmanKanji1599BlangkonChairul TanjungJawaDoha1949Kabupatèn Intan JayaKristenBlogWirantoEstrogenSheila On 7SingaMuslimDesy RatnasariAbad ping 7Ratu KalinyamatBaladéwaMamaliaElyanaDina LorenzaJaran KecakKèju2006Gunung SalakWikipédiaAksara CarakanDhomain publik🡆 More