Kasmira

Kasmira utawi Kasmir punika satunggaling wewengkon ing lor sub-bawana India.

Limrahipun tiyang ganggé istilah Kashmir, miturut cara panulisé in basa Inggris. Kasmira ing sajarah punika dipungambaraken minangka satunggaling lembah ing kidul saking ujung paling kulon larikan Himalaya. Kanthi pulitik, istilah Kashmir punika dipunandharaken minangka wewengkon ingkang langkung ageng kalebet wewengkon Jammu, Kashmir, lan Ladakh .

Kasmira
Kashmir dipunpérang déning tigang nagara: Pakistan (ijo), India (cokelat tuwa), lan Cina (Aksai Chin ing pérangan timur laut)

Kasmira mapan wonten papan ingkang strategis sanget saéngga manawi dipungabung kaliyan faktor sanès ndadosaken alesan kénging menapa India manggeni dumugi sapunika. Wewengkonipun kathah paredèn lan wana-wana kebak padhusunan. Pucuk-pucuk dhuwuripun wonten ing 15.000-18.000 kaki ingkang wonten ing wewengkon watesan. Awit saking punika pucuk kasebat misahaken Lembah Pendudukan (Occupied Valley) saking Azad, Kashmir .

Kasmira kanggé 3 nagari

Kashmir dipun-kuwasani kaliyan tigang nagara inggih punika Pakistan, India, lan Cina. kashmir mapan wonten ing jantung Asia Tengah sisih kidul lan winatesan kaliyan Afganistan, Cina, India, lan Pakistan. Sekedhik pérangan wewengkon Kashmir (Wakhan) mèpèt kaliyan wewengkon Tajikistan lan Uni Soviet. Kashmir dados salah satunggaling wewengkon ingkang dados rebutan ingkang kondhang ing donya. Kathahipun peta damelan Barat nggambaraken wewengkon punika kanthi garis bertitik kanggé maringi tandha watesan ingkang boten cetha. Wewengkon Kashmir kanthi umum sapunika dipunkuwasani lan dados sengkéta déning tigang nagara inggih punika Pakistan ingkang ngontrol wewengkon barat laut, India ingkang ngontrol tengah lan sisih kidul Jammu lan Kashmir, lan Républik Rakyat Cina ingkang nguwasani timur laut (Aksai Chin).

Pérangan Kashmir

Wiyaripun sadaya wewengkon Kashmir inggih punika 85.700 mil (88.700 mil miturut Inggris), ingkang 51% mlebet ing wewengkon India, 33% ing pengawasan pamaréntah Pakistan, déné ingkang 11% mlebet ing pengawasan Cina, lan namung 5% ingkang mardika inggih punika wewengkon Azad Kashmir .

Basa ingkang dipun-ginakaken ing Kashmir punika Basa Urdu (Basa resmi kanthi tèhnik) ing pérangan laladan namung sakedhik ingkang ngginakaken Basa Inggris. Populasi muslim ing Kashmir ingkang kathah piyambak, inggih punika kirang langkung 80% muslim, 16% Hindhu, 4% Sikh, Buda, Kristen lan sanèsipun .

Kutha krajan Kashmir inggih punika Iqbalabad (Srinagar). Srinagar punika nama kala rumiyin utawi kutha krajan kuna Kashmir ingkang mapan wonten ing caketipun Tlaga Dal, satunggaling tlaga ingkang kawéntar amargi kanal, griya praunipun, lan Taman Mughal.

Cathetan suku

Tags:

HimalayaKidulKulonLor

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

TunisiaBremDrupadiWoh mangsiRanah internet tingkat paling dhuwurAK-47Adenosin TriphosphateKumbakarnaWajikTahu SumedangGemblongCut Nyak MeutiaMangkokSrah-srahanTitilarasKim Soo-HyunTapéPrabu MatswapatiPangarep-arepAsem asetatGulingWhatsAppGajah ngidak rapahKresnaLuna MayaPrasasti TuguWahid HasyimSasraningratWilhelmina saka WalandaCristiano RonaldoMartha TilaarPrancisBlilu tau pinter durung nglakoniSurjanꦈꦊꦒ꧀ꦈꦊꦒ꧀Ahmad DahlanSurat Al JinTembung sesulihSalman bin Abdul-Aziz Al SaudPersija JakartaNyadranDhandhanggulaKabupatèn Penajam Paser LorEgy Maulana VikriIbnu KhaldunManganSrikandhiJinising paragrafJaring KalamanggaHentaiWirangrongAkhdiyat Duta Modjo (Sheila On 7)AnoaKasurMasjidil KaramIwan FalsParto PatrioGobag sodorBègAranyakanda30 Seconds to MarsCumbanaPedhotanBaksoCarita Aji SakaSiterBèsèkSlankKunirNadiem MakarimRadèn PatahGading MartenRamayanaSailor MoonJenang sungsum🡆 More