Kacilakan Sukhoi Superjet 100 Ing Gunung Salak

Tragedi kacilakan montor mabur Sukhoi Superjet 100 (SSJ-100) kadadéan ing tanggal 9 Mèi 2012 nalika pesawat iki ilang saka kelir radar sawisé lepas landhas saka Papan Anggegana Halim Perdanakusuma Jakarta Wétan.

Ing tanggal 10 Mèi, bathang pesawat SSJ-100 wis tinemu ing iringing Gunung Salak ing watesé Kabupatèn Bogor lan Sukabumi. Déné ambané rongsokan pesawat iki nyebar awit nabrak gunung, tim SAR nyimpulaké manawa pesawat iki langsung nabrak sisih karang gunung lan manawa "ora bakal ana sing isih bisa urip."

Kacilakan Sukhoi Superjet 100 Ing Gunung Salak
Gambar montor mabur sing tiba iku

Latar wuri

Montor mabur

Montor mabur sing apes iki jinisé Sukhoi SSJ-100-95 lan nomer régistrasiné RA-97004, msn 95004. Pesawat iki digawé ing taun 2009 lan gunggungé olèhé mabur wis punjul 800 jam nalika ilang. SSJ-100 iku prodhuksi kapisan pesawat sipil Ruslan sabubaré Uni Sovyèt.

Tur démonstrasi

Pesawat sing apes iki lagi nglakoni tur ajeneng "Sugeng rawuh ing Asia!" sing ngliwati Asia Tengah lan Asia Kidul-Wétan. Sadurungé montor mabur iki wis singgah ing Kazakhstan, Pakistan lan Myanmar. Rencanané sawisé saka Indonésia sajatiné bakal menyang Laos lan Viètnam. Nalika kacilakan iki kadadéan, Sukhoi olèh pesenan 42 wiji jinis iki saka Indonésia, lan gunggungé ana 170 wiji. Sukhoi rencana arep mrodhuksi nganti tekan 1.000 pesawat.

Gunung Salak

Kacilakan Sukhoi Superjet 100 Ing Gunung Salak 
Pemandhangan Gunung Salak saka Kutha Bogor.

Ing sepuluh taun antara 2002 lan 2012 ing tlatah Gunung Salak ana 7 kacilakan montor mabur. Ora suwé sadurungé SSJ-100 tiba, ana wong telu tiwas nalika latihan mabur ing kono; banjur ing taun 2008 ana 18 wong tiwas nalika pesawaté Angkatan Udara RI tiba ing kono; ana wong lima tiwas ing Juni 2004, loro ing April 2004, pitu ing Oktober 2003 lan siji ing Oktober 2002.

Koran Indonésia The Jakarta Post ngarani Gunung Salak "Kuburané montor mabur" (Inggris an airplane graveyard). Tingkat turbulènsi sing dhuwur lan kondhisi cuaca sing rikat owah iku dadi faktor tambahan genéya akèh kacilakan montor mabur ing laladan iki.

Kacilakan

Kacilakan Sukhoi Superjet 100 Ing Gunung Salak 

Ing pukul 14:00 WIB, SSJ-100 tinggal landhas saka Papan Anggegana Halim Perdanakusuma kanggo mamèraké dayané mabur. Rencanané ora suwé manèh arep bali. Pamaburan iki sing kapindho kalaksanan dina iku. Sing mèlu numpak ana 6 awak pesawat, 2 wakil saka Sukhoi lan 37 penumpang. Antarané para penumpang ana wakil-wakil saka perusahaan Aviastar Mandiri, Batavia Air, Pelita Air Service lan Sriwijaya Air. Ing pukul 15:30 WIB para awak nyuwun idin supaya parenga medhun 6.000 kaki (1.800 m) lan panyuwuné katulusan. Pasuwunan iki kontak pungkasan karo Pangawas Lalu Lintas Udara. Nalika iku pesawaté wis ana ing sakiwa-tengené 139 km sakidulé Jakarta, cedhak Gunung Salak sing dhuwuré 2.211 mèter. Gunung iki luwih dhuwur tinimbang lèvel mabur sing disuwun.

Papan tibané montor mabur ing Jawa Kulon

Mèh saknalika pesawat iki langsung digolèki, nanging nalika wis wektu wengi banjur dipungkasi. Ing tanggal 10 Mèi pukul 9:00 ésuk, bathangé pesawat wis tinemu ing èrènging Gunung Salak. Sing dingertèni namung manawa pesawat iki mabur mèlu domé jam menyang Jakarta sadurungé nabrak gunung. Laporan sawatara nudhuhaké manawa pesawat nabrak ujungé jurang ing kadhuwuran 1.910 mèter.

Lemah lan udara papan iki banjur langsung disisir. Nanging nalika wayah wengi teka. Kudu dipungkasi. Sing dimangertêni namung yên peswaté nyoba bali menyang Jakarta lan arahé nglawan dom jam lan nabrak Gunung Salak..

Para kurban

Warganagara Panumpang Kru Gunggung
Kacilakan Sukhoi Superjet 100 Ing Gunung Salak  Indonésia 34 0 34
Kacilakan Sukhoi Superjet 100 Ing Gunung Salak  Ruslan 0 8 8
Kacilakan Sukhoi Superjet 100 Ing Gunung Salak  Amérikah Sarékat 1 0 1
Kacilakan Sukhoi Superjet 100 Ing Gunung Salak  Itali 1 0 1
Kacilakan Sukhoi Superjet 100 Ing Gunung Salak  Prancis 1 0 1
Gunggung 37 8 45

Para panumpang akèhé wartawan lan klièn prospèktif. Saka 45 wong ing pesawat, 14 antarané iku saka maskapé Indonésia Sky Aviation lan telung reporter saka TransTV; Ismie lan Aditya Sukardi sarta saka Bloomberg News ; Femi Adi. Banjur antarané para kurban Peter Adler ndarbèni kabangsan Amérikah Sarékat. Kepala Sukhoi pérangan sipil, Vladimir Prisyazhnyuk, celathu manawa ana wong Italia loro lan wong Prancis siji sajeroning pesawat.

Invèstigasi

Sadina sawisé pesawat tiba, Nayakotama Ruslan Dmitry Medvedev ngedegaké komisi kanggo nginvèstigasi sabab karananing kacilakan iki. Komisi iki dikepalani déning Mantri Industri lan Perdagangan Yury Slyusar. Miturut Komisi Transportasi Nasional Indonésia sing invèstigasi kacilakan-kacilakan montor mabur sipil, analisis pesawat tiba iki bisa mbutuhaké wektu 12 sasi.

Dmitry Rogozin, wakil présidhèn démisionèr Ruslan, celathu manawa "opini para nimpuna utama mèwèhi kesan yèn tèknologi bisa lumaku kanthi apik lan mbokmanawa faktor manungsa sing salah". Dhèwèké uga ngandharaké manawa kabèh téyori iku saiki namung spékulasi waé lan kasimpulan pungkasan isih kudu dirumusaké déning para penyidhik. Ronny Rosnadi, sawijining juru anggegana Indonésia, gumun genéya awak montor mabur nyuwun supaya bisa medhun sangisoré MOCA (minimum obstacle clearance altitude) utawa kadhuwuran minimum tanpa pangalang. Ing sisih liya, Anatoly Knyshov, sawijining juru anggegana tès Ruslan nyatakaké yèn mbokmanawa ana masalah karo sistém pèngetan pesawat.

David Learmount, sawijining panulis ngenani prakara kadirgantaran, celathu manawa pamaburan iki sing sifaté démonstrasi joy flight bisa waé njalari awak montor mabur meksa ngepolaké kemampuan pesawat nganti maksimal.

Dampak pasca tragèdi

Aeroflot (6) lan ArmAvia (2), rong operator SSJ-100 nalika musibah pesawat iki, ora mandegaké panganggoan operasional montor mabur jinis iki.

Réferènsi

Tags:

Kacilakan Sukhoi Superjet 100 Ing Gunung Salak Latar wuriKacilakan Sukhoi Superjet 100 Ing Gunung Salak KacilakanKacilakan Sukhoi Superjet 100 Ing Gunung Salak Papan tibané montor mabur ing Jawa KulonKacilakan Sukhoi Superjet 100 Ing Gunung Salak Para kurbanKacilakan Sukhoi Superjet 100 Ing Gunung Salak InvèstigasiKacilakan Sukhoi Superjet 100 Ing Gunung Salak Dampak pasca tragèdiKacilakan Sukhoi Superjet 100 Ing Gunung Salak RéferènsiKacilakan Sukhoi Superjet 100 Ing Gunung SalakGunung SalakSukhoi Superjet 100

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Vincent van GoghGunemHeather StormKajiKresnaRamaTènesTitilaras1962Bilal bin RabahRio 2Lisabon6BengkuluNagara30Gajah MadaKedhokteran22MasjidVladimir PutinAmir TatalooRuslanKethoprak1989MijilWikipédiaJubaPatih SuwandaBasa JepangDublin1TransponderGolfISO 3166-1BKenong24 Novèmber1898Borough (New York City)Bale Sigala-galaNew DelhiPrastawa BudayaTembung sesulihStephanie HandojoLemètEMississippiUpacara tingkebanNikosia LorKumbakarnaTotohanSrabi7Surat As SaffAdobe Flash PlayerWangsalanBukuCarolina LorShioFilsafatThomas MannYuri GagarinBumiTugu YogyakartaWohOmanPrancisBis601979Bung pring petungLupis🡆 More