Kacer

Kacer kalebu manuk ocèh-ocèhan cilik kang sadurungé kalebokaké ing kulawarga Turdidae (murai), nanging saiki kaanggep ing jinis Muscicapidae.

Kacer
Kacer
Kacer lanangan ing Kalkuta
Kacer
Ora Nyamari (IUCN 3.1)
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Aves
Ordho: Passeriformes
Famili: Muscicapidae
Génus: Copsychus
Spésies: C. saularis
Jeneng binomial
Copsychus saularis
(Linnaeus, 1758)

Nduwèni rupa ireng lan putih, buntuté dawa lan kaangkat manawa sesaba ing lemah lan kadang uga nalika mencok. Manuk iki akèh tinemu ing Asia Kidul lan Asia Kidul-wétan. Lumrahé manuk iki akèh dunungé ing taman kutha, gampang dikenali amarga ocèhané.

Manuk iki asring uga karan kucica kampung', murai, murai kampung lan ing basa Inggris diarani Oriental Magpie Robin

Jinis ras kacer lan sebarane ing Indonesia

Copsychus saularis musicus

Papan sumebare ing pulo Sumatra, kalebu pulo-pulo cilik ing sakupenge kaya pulo Simeulue, Nias, Batu, Bangka, lan Belitung; banjur ing Jawa Kulon, sarta wewengkon kidul lan kulon Kalimantan. Saliyané ing Indonesia, jinis iki uga sumebar ing Ujung Malaysia lan Thailand sisih kidul. Ras iki sok sinebut kacer dhadha putih, utawa kacer poci / sekoci.

Copsychus saularis amoenus

Wewengkon sumebare jinis iku ya iku ing wewengkon wétan pulo Jawa lan ing Pulo Bali. Ras iki kalebu jinis kacer dhadha ireng, lan mung siji-sijiné ras kacer dhadha ireng kang habitate ing sanjabaning pulo Kalimantan.

Copsychus saularis pluto

Ras iki sumebare mung ing Pulo Kalimantan, mligine ing sisih lor, wétan, lan wétan-kidul. Uga ana ing Pulo Maratua, ya iku pulo cilik sacedhake Pulo Kalimantan.

Pigunan

Manuk kacer minangka fauna idhèntitas saka Kabupatèn Kulon Praga.

Rujukan

Pranala njaba


Tags:

Kacer Jinis ras kacer lan sebarane ing IndonesiaKacer PigunanKacer RujukanKacer Pranala njabaKacerAsia KidulAsia Kidul-wétanManukOcèh-ocèhan

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Anatomi manungsaKim Nam GilJoko WidodoSariawanSinomꦱꦼꦩ꧀ꦥꦿꦶꦠꦤ꧀RamayanaGianluigi BuffonAntimonꦫꦺꦏ꧀ꦒꦱ꧀AnimismeÉvolusiBudapestPolenBasa Arab MesirTeleskop HubbleAngkor WatLos AngelesRobert H. GoddardCathetan padinanGlepungCoboy JuniorUBlock OriginTaylor SwiftSilence (filem 2016)ꦄꦮꦤ꧀St. PetersburgMohammad HattaDewi SandraVelove VexiaXXX (filem 2002)UgandaDiktatorTheodore RooseveltPangidhèntifikasi Obyèk DigitalPersik KediriMontorJohn Couch AdamsMerconSulawesi KidulPutihAmien Raisꦒꦫꦶꦱ꧀ꦮꦼꦏ꧀ꦠꦸIranPhiladelphiaPalmiWarisan budayaRuslanMao ZedongBlegudregOstraliSesorahWilliam AndersBaladéwaHemoglobinRansomwareIbnu KhaldunPaus Yohanes Paulus IIBasa JawaPangrasaInstagramSurat Al Baqarah1927MahabharataSumbadraSadéwaGisella AnastasiaBissauWangsa TangAdipati KoesmadjiArtikelꦠꦩ꧀ꦥꦃ990Surat Ali ImranGibran Rakabuming🡆 More