John Quincy Adams (lair ing Braintree, Massachusetts, 11 Juli 1767 – pati ing Washington, D.C., 23 Fèbruari 1848 ing umur 80 taun) yaiku diplomat, pulitikus, lan Présidhèn Amérika Sarékat kang kaping 6 kanthi masa kalungguhan 4 Maret 1825-4 Maret 1829.
Adams yaiku putra saka Présidhèn John Adams lan Abigail Adams. John Quincy Adams lair ing Braintree saiki (Quincy), Massachusetts tanggal 11 Juli 1767. Ana ing taun pisanan révolusi Amérika Sarékat, John Quincy Adams olèh pendidikan saka wong tuwané, banjur Adams nerusaké sekolah ing Paris, Leiden, lan Universitas Harvard, Amérika Sarékat. Dhèwèké olèh gelar sarjana nalika umuré 21 taun. John Quincy Adams pinter ing bab basa lan sajarah kuna. dhèwèké uga salah sawijiné pengacara Amérika, diplomat, lan politisi.
John Quincy Adams | |
---|---|
Présidhèn Amérika Sarékat 6 | |
Linggih 4 Maret 1825 – 4 Maret 1829 | |
Wakil Présidhèn | John C. Calhoun |
Kang sadurungé | James Monroe |
Kang sawisé | Andrew Jackson |
Senator Amérika Sarékat from Massachusetts | |
Linggih 1803 – 8 Juni 1808 | |
Kang sadurungé | Jonathan Mason |
Kang sawisé | James Lloyd |
Mantri Luar Negeri Amérika Sarékat 6 | |
Linggih 22 September 1817 – 3 Maret 1825 | |
Présidhèn | James Monroe |
Kang sadurungé | James Monroe |
Kang sawisé | Henry Clay |
Member of the U.S. House of Representatives from Massachusetts's 8th, 11th, and 12th district | |
Linggih 4 Maret 1831 – 23 Fèbruari 1848 | |
[[Amérika Sarékat Ambassador to Cithakan:CountryPrefixThe]] | |
Linggih 1815–1817 | |
Présidhèn | James Madison |
Kang sadurungé | Jonathan Russell sebagai Chargé d'affaires |
Kang sawisé | Richard Russell |
[[Amérika Sarékat Ambassador to Cithakan:CountryPrefixThe]] | |
Linggih 1809–1814 | |
Présidhèn | James Madison |
Kang sadurungé | William Short |
Kang sawisé | James A. Bayard |
[[Amérika Sarékat Ambassador to Cithakan:CountryPrefixThe]] | |
Linggih 1797–1801 | |
Présidhèn | John Adams |
Kang sadurungé | New Office |
Kang sawisé | Henry Wheaton (after 34 years) |
[[Amérika Sarékat Ambassador to Cithakan:CountryPrefixThe]] | |
Linggih 1794–1797 | |
Présidhèn | George Washington |
Kang sadurungé | William Short |
Kang sawisé | William Vans Murray |
Member of the Massachusetts State Senate | |
Linggih 1802–1803 | |
Rerincèn dhiri | |
Lair | 11 Juli 1767 Braintree, Massachusetts |
Pati | Fèbruari 23, 1848 Washington, D.C. | (umur 80)
Pakuburan | United First Parish Church, Quincy, Massachusetts 42°15′04″N 71°00′13″W / 42.25111°N 71.00361°W 71°00′13″W / 42.25111°N 71.00361°W |
Parté pulitik | Federalist Democratic-Republican National Republican Anti-Masonic Whig |
Sisihan | Louisa Catherine Johnson |
Anak | Louisa Adams George Washington Adams John Adams Charles Francis Adams |
Almamater | Universitas Leiden Universitas Harvard |
Panggaota | Pengacara |
Agama | Unitarianisme |
Tandha tangan |
Sawisé sinau babagan ukum, John Quincy Adams dadi pengacara ana ing Boston, Massachuset. Adams uga nulis artikel kanggo sawijining warta padinan ing Boston. Présidhèn George Washington seneng marang artikel artikel kang ditulis déning Adams, artikel-artikel iki mertahanaké kebijaksanaan Présidhèn kang nglakokaké pulitik nétral marang tindak-tanduk pulitik utusan Perancis ing Amérika Sarékat. Taun 1793, Présidhèn George Washington ngangkat Adams dadi wakil Amérika Sarékat ing nagari Walanda, nalika jaman semana umuré nembé 26 taun. Sawisé Walanda, Adams ditugasaké ana ing Berlin, Jerman. Tahun 1802, nalika umuré 36 taun dhèwèké kapilih dadi utusan Amérika kanggo Ruslan. Nalika tugas ana ing pimpinané Présidhèn James Monroe, John Quincy Adams kalebu dadi sawijining mantri jaban rangkah Amérika serikat kang paling ulung. Salah sijiné kesuksèsané yaiku ndadèkaké Florida, kang wiwitané isih dadi jajahan Spayol, dadi salah siji praja Amérika Sarékat. Bebarengan karo Présidhèn James Monroe, Adams mèlu gawé Doktrin Monroe, kang mrèntahaké kanggo Éropa kanggo ora mèlu campur tangan ana ing urusan dalam nagari nagara-nagara Amérika Latin.
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article John Quincy Adams, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.