Golden Gate

Golden Gate ya iku selat kang nyambungaké Teluk San Fransisco karo Samodra Pasifik.

Wiwit taun 1930 Kreteg Golden Gate wis dibangun ing selat iki. Ombak kang gedhé lan arus saka kali Sacramento lan kali San Joaquin wis nggawé saluran kang jeroné atusan mèter ing selat iki.

Golden Gate
Golden Gate

Sadurungé aba wong Éropah teka ing abad 18 tlatah kéne dikuwasai karo Ohlone.

Kreteg Golden Gate ya iku Kreteg gantung ing Golden Gate, sawijiné bukaan saka Samodra Pasifik karo Teluk San Fransisco. Kreteg Golden Gate nyambungaké uga kutha San Fransisco, California ing Ujung San fransisco lan kabupatén Marin, California. Dawané Kreteg Golden Gate ya iku 2.727 m. Jarak saka menara ya iku 1.280 m. Kreteg Golden Gate dhuwuré 230 m saka banyu ing selat iku. Kreteg Golden Gate dirancang karo Joseph Strauss. Dhèwèké teknisi kang wis ngrancang punjul 400 gambar Kreteg. Golden Gate ya iku Kreteg paling éndah kang dadi ikon donya. Pambangunan Golen Gate wiwit saka insinyur lan editor koran ing San Fransisco kang jenengé Michael O'Shaughnessy. Dhèwèké duwé kawigatén kanggo yasa Kreteg kang nyambungaké wewengkon California ya iku San Fransisco lan Marin Country. O'Shaugnessy wiwit konsultasi karo insinyur-insinyur ngenani bab dana lan wujud Kreteg kang pas kanggo selat. Banjur Joseph Baermann Strauss ménéhaké sketsa awal pambangunan Kreteg karo O'Shaughnessy lan Edward Rainey, Sekretaris Walikota San Francisco lan walikota James Rolph. O'Shaughnessy mbutuhaké wektu setaun kanggo mènèhi informasi tumrap masarakat ngenani désain Kreteg Golden Gate. Strauss mromosiké idé Kreteg iku kanthi désain asliné ing pandhudhuh California Utara. Dhèwèké uga nerangake yèn dhuwit kanggo yasa Kreteg cukup dijupuk saka pajeg tol. Kreteg iki ambané 27,4 mèter.

Cathetan suku


Tags:

1930KaliMèterSamodra PasifikSelatTaunTeluk

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

ÉkonomètrikaTèknologi informasi41Agus SalimTandha kapangkatan TNI Angkatan DharatBlogHollywoodAndreas ChristensenSemir rambutAbad ping 19BumiRanah internet tingkat paling dhuwurRama TambakKemanggaYevgeny PrigozhinSega kerabuBromPasisir KuwaruIndhonésiaFassbrauseKurdhistanOlimpiade Musim Panas 2012Parto PatrioKresnaDracula (novel)4Gunawan SudradjatKacang brolWalabiFAsmaradanaPeking (gamelan)KubaDasanamaJanet JacksonSMK Negeri 2 BloraBismaBrasilSerat CenthiniMotorheadPratélaning nagara bagéan Amérika Sarékat miturut cacah sirah2023Surat Al MuddatstsirSwami VivekanandaSurat Al 'AlaqNangisFilemTungkakDedi NatadiningratUpacara tingkeban2003Seni rupaSurat Al MuzzammilLattèBaworJepangAkuarium2010Gim komputerMitokondriaJéngkolAustralopithecusSegara AbangAlina KukushkinaPolenPiknik wudaRambut pubisFC DžiugasPréfèktur GunmaWoodrow WilsonTlaga TobaMadu1964Sanna Marin🡆 More