Genre musik utawa jinis musik ya iku pamérangan musik kang manut karo èmper-èmperan utawa padha klawan musik liyané.
Musik uga bisa diklasifikasikaké miturut kritéria liyané, contoné géografi. Sawijining genre bisa ditetepaké déning teknik musik, gaya, konteks, lan téma musik.
Umumé, musik diklompokaké miturut pigunané, kang bisa diklompokaké ing telung domain, ya iku Seni Musik, Musik Populèr, lan Musik Tradhisional.
Musik Seni, utawa asring kasebut Musik Serius lan music-musik sajinise (musik avant garde, kontemporer) iku istilah kang panglompokan jinis musik kang dhedhasar teori wangun musik Klasik saka Eropah utawa jinis-jinisé musik ètnis liyané kang diserep utawa dijupuk minangka dhasaring komposisi. Beda karo musik Populer, musik jinis iki biasané langgeng lan ora bakal kepangan jaman. Tokoh-tokoh Indonesia komposer kang nggawe jinis musik kaya ngene iki, antara liya: Amir Pasaribu, Tri Suci Kamal, Slamet Abdul Syukur, Rahayu Supanggah, Otto Sidharta, Tony Prabowo, Michael Roman, I Wayan Sadre, Iwan Gunawan, Dody Satya E. Gustdiman etc.
Musik klasik biasané ngarujuk karo musik klasik saka Éropah, nanging kadhangkala uga ngarujuk marang musik klasik saka Persia, Indhia, lan liya-liyané. Ing musik klasik saka Éropah dhéwé kasusun saka sawatara suwé, contoné baroque, klasik, lan romanesque.
Musik klasik iku istilah kang isih amba tegesé, biasane ngacu marang musik kang asal mulané saka tradhisi seni Western utawa Kulonan, musik kristen, lan musik orkestra, kang periodhe wektune saka abad kaping-9 tumeka abad kaping-21.[1]
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Genre musik, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.