Eleanor Roosevelt: Aktivis hak manungsa Amérika Sarékat

Anna Eleanor Roosevelt (11 Oktober 1884 – 7 November 1962) punika Ibu Nagara Amérika Sarékat wiwit taun 1933 dumugi taun 1945.

Eleanor punika panyengkuyung kawicaksanan New Deal garwanipun, Présidhèn Franklin D. Roosevelt, sarta gadhah peran minangka pejuwang hak sipil. Sasampunipun garwanipun tilar donya ing taun 1945, Eleanor tetep dados panulis lan pamicara wigatos kanggé koalisi New Deal. Panjenenganipun ugi ngupados minggahaken drajat wanita buruh.

Eleanor Roosevelt: Aktivis hak manungsa Amérika Sarékat
Eleanor Roosevelt (1933)

Ing taun 1940-an, Eleanor dados salah satunggiling pangadeg Freedom House lan nyengkuyung pambentukan Perserikatan Bangsa-Bangsa. Eleanor Roosevelt ngedegaken UN Association of the United States ing taun 1943 kanggé ngempalaken panyengkuyung dhumateng dipunwangunipun PBB. Panjenenganipun dados wakil Amérika Sarékat dhateng Majelis Umum PBB saking taun 1945 dumugi taun 1952, dipuntunjuk déning Présidhèn Harry S. Truman lan dipunsarujuki déning Senat Amérika Sarékat. Nalika wekdalipun ing PBB, Eleanor dados ketua komité ingkang ngrancang lan nyarujuki Pranyatan Umum ngenani Hak-Hak Asasi Manungsa. Présidhèn Truman nélakaken bilih Eleanor punika "Ibu Nagari Donya", amargi jasanipun ing hak asasi manungsa.

Réferènsi

Pranala njawi


Tags:

11 Oktober18841933194519627 NovemberFranklin D. RooseveltPanulis

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Éstlan ing OlimpiadeSepur LodayaMein KampfPangéran DipanegaraArtikelRuwatanAlbert EinsteinUpacara tingkebanLos AngelesHajar AswadRyan GiggsMikèl ArtétaRonaldo KwatehSunan KudusZulkifli HasanCoboy Juniorꦒꦼꦤ꧀ꦢꦺꦫDian SastrowardoyoFilem pornoHeha Ocean ViewSléndroIMMGDurmaPasisir ParangtritisEgy Maulana VikriParto PatrioJambiAlisꦄꦁꦏ꧀ꦭꦺꦴGunung PrauTogorAl-Mustadrak ala ash-ShahihainSurat An Nisaa’Zsa Zsa YusharyahyaJohorMitoniPevita PearceKethukPizza HutAhn Jung-hwanPeperangan SekigaharaADO Den HaagAnies BaswedanWhatsAppRaden Kian SantangꦠꦠꦃSurat Al QadrSudi SilalahiDaérah IstiméwaMawar2013Andre TaulanyYudhisthiraRed Velvet (group)Taling tarungBima (paraga Mahabharata)Tembung sesulih2002Faye WongKluwihChairul TanjungSiputRicky HarunPark Ji-SungKarbonMuhammad Jusuf KallaUmar bin Abdul AzizAlbert Chinualumogo AchebeVladimir PutinTiara AndiniPattimuraGajahNathan TellaJay Chou🡆 More