Damarwulan

Damarwulan ya iku salah sijiné tokoh legénda carita rakyat Jawa.

Kisah Damarwulan iki cukup populèr ing masarakat lan akèh vèrsi lakoné, sendratari lan uga carita tulis kang wis digawé. Lumrahé, kisah-kisah iku manut saka Serat Damarwulan, kang dikira wiwit ditulis ing pungkasan panguasaan Majapahit.

Damarwulan
Damarwulan, Wayang Klitik saka Jawa Wétan

Ringkasan Carita

Dicaritakaké, jaman biyèn Damarwulan ngabdi dadi tukang ngarité Patih Loh Gender saka Majapait. Amarga kapinterané, Damarwulan dadi abdi andalan Patih Loh Gender. Sak liyané iku, Anjasmara putri sang patih kesengsem lan seneng karo Damarwulan. Banjur Damarwulan olèh tugas saka Raja Putri Majapait, ya iku Ratu Kencana Wungu, supaya nyamar kanggo ngalahaké Menak Jinggo panguasa Blambangan kang duwé niyat brontak karo praja Majapahit. Damarwulan kang gantheng bisa narik kawigatèn selir-selir Menak Jinggo, ya iku Waeta lan Puyengan. Amarga pambyantuné Waeta lan Puyengan, Damarwulan bisa nétuk gaman ampuhé Menak Jinggo ya iku Gada Wesi Kuning. Menak Jinggo banjur bisa dikalahké lan Damarwulan dadi Pahlawan. Seliré Menak Jinggo diboyong, lan banjur Damarwulan nglamar sang Raja Putri Majapahit.

Nanging, ing kesenian wayang Banyuwangi lan Jangèr, carita Menak Jinggo béda karo carita ing serat Damarwulan. Menak Jinggo iku bagus, disenengi wong wadon, wicaksana, lan seneng tulung-tinulung karo rakyaté. Menak Jinggo ngraman amarga Kencana Wungu ora nepati janjiné ora gelem dipèk bojo Menak Jinggo sawisé Menak Jinggo ngalahaké Kebo Marcuet kang gawé gègèr ing Majapahit. Sanajan Menak Jinggo bisa dikalahké Damarwulan, nanging Menak Jinggo dianggep kinurmatan.

Galeri

Galeri lan buku Serat Damar Wulan ngagem 66 gambar saiki wis ana ing Wikisource basa Jawa: s:Serat Damar Wulan. Transkripsine taksih dikerjakne ing s:Indhèks:Serat Damar Wulan.pdf.

Cathetan suku


Tags:

JawaMajapahit

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Crash Landing on YouBasa ngokoSurat Al QadrWalandaMangsa katigaTembung aranPramoedya Ananta ToerCut Nyak MeutiaSD Negeri 3 Jomboran, KlatenInul DaratistaDhandhanggulaÈnsiklopédhiSetatsiyun CepuGajah gajahultravioletJu JingyiforexYésus KristusAchmad SoebardjoPaculOmah adat JawaHypertext markup languageMikro-organismeTrombositMbobotPutri PatriciaAnwar FuadyJinising paragrafGunung LawuDaftar Mentri Pertahanan Républik IndonésiaDivisi Regional I Sumatra Lor lan AcehKembang sepatuLydia KandouPlanit cilikRangkaian MelatiAkri PatrioUmar bin Abdul AzizHibiki ŌtsukiSaronPallubasaTombiliGisella AnastasiaTembung wodYusril Ihza MahendraBambang PamungkasSlipi, Palmérah, Jakarta KulonNeptunusPHBinahongPokémonKeshogunan TokugawaDavid BeckhamSatéFilem pornoKabupatèn FakfakAngkatan DharatChairil AnwarMario GötzeSundaeMerkuriusMikèl ArtétakuqlvNagita SlavinaTemulawakWignyanEmil DardakTèknologiOECDLiputan 6 PetangMaulana Malik IbrahimKethukTapéGarèng🡆 More