Anjasmara

Anjasmara Prasetya (lair ing Blitar, Jawa Wétan, 13 Novèmber 1975; umur 48 taun) ya iku juru main filem Indonésia.

Anjasmara miwiti kariré dadi modhèl. Sawisé iku dhèwèké banjur main ing sinétron. Jeneng Anjasamara sangsaya misuwur nalika Anjasmara main sinétron kang judhulé Romi dan Juli. Anjasmara main ing sinétron iki karo pasangané kang jenengé Dian Nitami.

Anjasmara
Anjasmara
LairAnjasmara Prasetya
PakaryanArtis
Taun aktif1993 - saiki
Dhuwur175 cm (5 ft 9 in)
BojoDian Nitami
AnakSasikirana Zahrani Asmara
Arka Setya Andipa Asmara
Amanda Annette Syariff (anak angkat)
Aldi Syariff (anak angkat)

Sanajan sabeneré Anjasmara kepéngin dadi modhèl, nanging Anjasmara malah sangsaya sibuk main sinétron. Aktingé dadi wong lanang kang endong lan lucu ing sinétron kang judhulé Si Cecep ndadèkaké Anjasmara éntuk bebungah ing SCTV Award kategori aktor paling populèr.

Ing filem layar amba, aktor kang akrab diundang Anjas iki tau meranaké dadi bapak ing filem Joshua, Oh, Joshua nalika taun (2000).

Anjasmara tau dituntut déning sawijining organisasi massa kaagaman. Kasus iki kadadéan amarga foto-foto nglegenané karo Isabel Yahya ing Paméran CP Biennale taun 2005. Foto-foto iki dianggep ngracuni génerasi anom lan ana unsur pornografiné.

Anjasmara nikah karo aktris Dian Nitami lan nduwé anak loro. Anaké Anjasmara jenengé Sassi Kirana Asmara lan Arka Setyaandipa Asmara. Saliyané iku Anjasmara lan Dian Nitami duwé anak angkat kang jenengé Amanda Annette Syariff lan Luther Syariff.

Anjasmara duwé awak kang dhuwuré 175 cm.

Filmografi

Film kang dibintangi Anjasmara.

  • Joshua, Oh, Joshua (2000)
  • Koper (2006)

Sinétron

Sinétron kang dibintangi Anjasmara.

  • Romi Dan Yuli
  • Mutiara Cinta
  • Wah Cantiknya!!!
  • Wah Cantiknya!!!2
  • Si Cecep
  • Mukjizat Allah
  • Cintaku Di Rumah Susun
  • Cinta Indah
  • Sulaiman
  • Cinta Indah 2
  • Indahnya Karunia Mu
  • Titipan Illahi
  • UFO
  • Anugerah

FTV

FTV kang dibintangi Anjasmara.

  • Ia Yang Terindah

Kuis

Kuis kang dipandhu Anjasmara.

  • 1 Lawan 100

Chatetan sikil

Tags:

Anjasmara FilmografiAnjasmara SinétronAnjasmara KuisAnjasmara Chatetan sikilAnjasmara13 Novèmber1975Dian NitamiFilemIndonésiaJawa WétanKutha BlitarSinétron

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Salat tobatTembung garbaFadel MuhammadSalokaWong HuiFox Movies PremiumMakruhVolkswagenTepasꦱꦶꦏꦼꦠ꧀SadéwaBoeing 747Jinising paragrafLampraisAdiwerna, TegalUniversitas Pertahanan IndonésiaWayang potèhiCape Townꦲꦏꦺꦴꦤꦶꦮꦥ꧀ꦭꦺꦴꦫꦺꦴꦠꦤ꧀Berang-berangWarangganaRaffi AhmadWunguKurt GödelPitulungWektu Indonésia pérangan TengahIvar JennerSurat Al FathMontor mabur nirawakVina PanduwinataJonny EvansKudisSandy WalshSépak tékongꦥ꦳ꦺꦭꦶꦢꦲꦺKutha PurwakertaAmérika SarékatJaringsanaArjuna SasrabahuKarbitProvinsi CuneoTembung entarAremaViètnamMohammed Sameer LamiBursa Èfèk IndonésiaSurat At TaubahJoseph John ThomsonGendhing24 MaretMikèl ArtétaYamanUpacara Tumpak LandepFlorentino PérezLayangKucingMikul dhuwur, mendhem jeroTemulawakMinecraftSengkalanIdentitas genderFungisidaKomputerKebo bulé mati sétraArané pérangan awakJangka sorongBal-balanWirangrongNikelYodium🡆 More