Keris Mpu Gandring

Keris Mpu Gandring ialah sebilah keris pesenan Ken Angrok.

Ken Arok pesen keris kiye merga kepengin dadi penggede, sebab dheweke wis dikandani Pandita Lohgawe nek sapa baen sing dadi pendamping Ken Dedes mesthi dadi wong gedhe trus keturunane juga mengko bakal dadi Raja-Raja gedhe tanah Jawa. Ken Arok wis nyiapna siasat nek keris sekti kuwe mengko kanggo mbunuh Akuwu Tumapel Tunggul Ametung bar kuwe ngerebut bojone Ken Dedes.

Mpu Gandring ialah pandai besi sing wis kesohor pinter nggawe senjata sing ampuh lan sekti. Dheweke manggon nang desa Lulumbang Kadipaten Tumapel.

Dong pesen njaluk digawekna keris kuwe, Ken Arok kepengin keris kuwe kudu rampung cepet. Mpu Gandring jane njaluk wektu setaun, ning merga dipeksa Ken Arok, dheweke nyanggupi ngerampungna limang wulan. Mpu Gandring kerja keras, disambi tapa lan tirakat, ben keris kuwe ampuh lan bisa cepet rampung.

Bar limang wulan Ken Arok teka ming Lulumbang nagih kerise. Jebule keris kuwe urung rampung urung rapi, Ken Arok langsung meradang, lan nusuk Mpu Gandring nganggo keris gaweane dhewek kuwe. Ningen sedurung wafat, Mpu Gandring sempet ngucapna kutukan, nek mengkone ana pitu keturunan Ken Arok sing mati kenang keris gaweane kuwe.

Korban-Korban Keris Mpu Gandring:

  • Mpu Gandring
  • Tunggul Ametung
  • Kebo Ijo
  • Ken Arok
  • Anusapati
  • Tohjaya

Crita Keris Empu Gandring Versi Liyane


mBalik ming:

Tags:

Ken AngrokKen Dedes

🔥 Trending searches on Wiki Basa Banyumasan:

1910Bisma1986MatematikaSingapura11 Maret19311099147419711992WretikandayunKembang1952UkrainaBumiRatahan, Minahasa TenggaraEgrang1978Mustika Jaya, BekasiSadrananUruguayPasimarannu, SelayarKepyar, Purwantoro, WonogiriDaftar Gubernur Jawa Barat20142012IrlandiaLaos2015Daftar ibu kota propinsi Indonesia1977Jawa1911Lor1809Kuripan Kidul, Kesugihan, CilacapSejarah BanyumasanKazakhstanSistem koordinat geografiKabupaten KarawangPlutoSumatra19471889Daftar Gubernur Nusa Tenggara TimurSawo1907Tatajeneng binomialMekanika klasikSintrenLibyaDaftar Gubernur Jawa TengahSumurboto, Jepon, Blora1775Joho, Adimulyo, Kebumen1701Daftar kode tilpun nang IndonesiaSemarang, Banjarnegara, Banjarnegara1873Latvia2021Daftar anggota Perserikatan Bangsa-BangsaPasaribu Tobing, Tapanuli TengahBarlingmascakeb1903Jalur Pantura1878🡆 More