Tradisi Sadranan wis umum dilakoni masyarakat muslim Asia Tenggara ning kadang beda jeneng karo beda rangkean kegiatane. Masyarakat Jawa, termasuk juga masyarakat Banyumasan ngelakoni tradisi kiye sebagai penghormatan maring arwah leluhur, kerabat/sedulur.
Jaman gemiyen acara sadranan dilakoni kanggo pemujaan maring leluhur uga njaluk maring arwah leluhur, sebab dipercaya nek arwah leluhur sing wis meninggal kuwe jane esih urip bareng nang dunia kiye. Upacara sadranan jaman gemiyen nganggo ubarampe sing isine sesajen panganan-panganan sing ora enak dipangan contone: daging mentah, getih ayam, kluwak lyy.
Bar Agama Islam melebu, para Wali ngerobah upacara sadranan kiye kanthi cara alus ben pada karo ajaran Islam. Pemujaan karo permohonan maring leluhur dirobah dadi dhonga maring Gusti Allah. Sesajen sing ora enak dipangan diganti dadi sajian panganan sing enak. Upacara sing gemiyen dianakna nang kuburan terus dipindah nang Masjid utawa Mushalla/Langgar uga bisa nang omah kerabat sesepuh/pinisepuh.
Sajian panganane biasane ana 2 bagian, jajanan karo panganan kanggo kenduren. Jajanan umume Jajan Pasar, kuwe di tata sebagai ambengan terus dibagi-bagi bar acara ndonga sing dipimpin Imam Masjid, acara kuwe biasane dianakna bar Shalat Dhuhur. Acara Kenduren umum dianakna mbengine.
Sadranan kuwe hakekate yaiku kesadaran menungsa maring perkara urip karo meninggal. Sing wis meninggal ganu ngelairna sing esih urip, sing esih urip mengkone nyusul sing wis mati(Sangkan Paraning Dumadi). Sadranan uga ngandung makna nek menungsa kuwe kudhune terus eling nek dheweke urip kuwe hakekate bebarengan karo ngenteni meninggal, kiye mangsude ben saben ngelakoni apa baen dong esih urip kudhu ngati-ati.
This article uses material from the Wiki Basa Banyumasan article Sadranan, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply. (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
#Wikipedia® is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Banyumasan (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.