Yoko Ono

Yoko Ono Lennon (lair ing Tokyo, Jepang, 18 Fèbruari 1933; umur 91 taun) dhèwèké musikus lan seniwati kalahiran Jepang, janda John Lennon, sadurungé karo Lennon dhèwèké karo Ichiyanagi Toshi watara taun 1956-1963, lan Anthony Cox watara taun 1963-1969, jeneng aasliné Yōko Ono (小野 洋子, Ono Yōko?), Yoko Ono iku aktris lan musisi kang asalé saka Jepang.

Yoko Ono Lennon
Yoko Ono
Pratélan latar wuri
Jeneng lairYoko Ono
Génreavant-garde, rock, pop, electronica, fluxus
Pakaryanseniwati
Mangsa akarya1961–saiki
LabèlApple, Geffen, Polydor, Rykodisc, Astralwerks
Sing magepokanJohn Lennon
The Plastic Ono Band

Dhèwèké kondhang dadi bojoné musisi kang legendaris saka Inggris, John Lennon, kang ninggal yuswa amarga peluru kang ditembakaké déning panggemaré sawisé balik rekaman bareng karo Yoko. Yoko saiki dadi warga masarakat kang kewarganagaraané Amérika lan urip ning kana, sok kali tampil bebarengan karo John Lennon ning albumé, uga sok ngrilis album solo. Ora namung ngasilaké sajumlah tulisan kang akiré dibukukaké. Saiki Yoko wiwit nyoba nggeluti acara sosial, pulitik lan uga sok tampil dadi bintang tamu ning acara-acara, kaya ta acara Mad Abaout You.

Taun 2010, Yoko milai nguripaké manèh grup musik Plastic Ono Band, grup musik iki diuripaké manèh ning konser panghormatan kang digelar ning Brooklyn Academy of Music. Pertunjukan mau iku proyek déning Yoko karo anaké, Sean Lennon. Ning acara mkonser iku, diundhang uga bintang tamu kondhang, kaya ta Eric Clapton, Paul Simon lan Bette Middler. Grup musik Plastic Ono Band iku grup musik kang diwangun déning Yoko karo John Lennon, ning grup musik iku sakloron ngrekam lagu kang judhulé Give Peace a Chance nalika taun 1969. Karo para anggota saka grup musik mau, kaya ta Klaus Voorman lan Jim Keltner.

Kanggo nguripaké grup musik mau, Yoko nggelar pentas kang pisanan, dibuka karo akapela, nuli diiringi karo musik rock saka band kang ngiringi karo irama funk. Pentas kang kaping loroné, meski tanpa latihan sadurungé grup musik iki tetep bia anggawe panonton seneng. Artis kang kalibat ning acara mau ya iku, Scissor Sister, Justin Bond, sarta Kim Gordon lan Thurston Moore saka Sonic Youth, nyanyikaké laguné Yoko. Midler nyanyikaké tembangan kang judhulé Yes, I'm Your Angel tetembangan kang ditulis Yoko kanggo John Lennon nalika ngrasa gelisah nginjak umur 40. Tetembangan John Lennon kanggo Yoko Ono, judhulé Oh Yoko versi Gene Ween kang dimainaké karo Sean Lennon.

Cathetan suku

Tags:

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Juan MataBromJanet JacksonLawang SèwuSpacetoonSurat Al QadrTetanduran wiji kabukakTajikistanParto PatrioHeather StormGo, Dog. Go! (serial TV)Surat Al Anbiyaa’FK Kauno ŽalgirisOlahan IranRanah internet tingkat paling dhuwur2003Cacah sirahAustralopithecusTungkakZona wektuRomaMerkuriusAnggaran1951BBC NewsPersijap JeparaGrontolPlutoBisma20022893Tokaido ShinkansenPiknik wudaGaya asuCak PercilPrejanjèn AnyarWuku MedangkunganHollywoodRamadanSadéwaJihadKemanggaDhialèk PacitanInstagramLintas platformDBendiÉkonomètrikaSpritus1900KarbitKabupatèn KaranganyarSnoop Dogg19868Sanna MarinNikosiaBaladéwaKim Hyun-joongSerat BimapaksaPaléozoikumMricaWikisumberTahuBaworBakuAnggang-anggang1911SCTVAkuariumWaring Wéra Wanua🡆 More