Wong Simeulue

Wong Simeulue (aran liyané: Simalur, Simeuloë, Simulul, Long Bano, lan Devayan) iku wong baku kang manggoni Pulo Simeulue, kang kapernah ing kulon Pulo Sumatra.

Wong Simeulue lumrahé tinemu ing Kacamatan Teupah Kulon, Simeulue Wétan, Simeulue Tengah, Teupah Kidul, lan Teluk Dalam. Wong Simeulue guneman basa Simeulue, ya iku basa saka kulawarga basa Sumatra Lor-Kulon lan Nusa Wates kang gegayutan cedhak karo basa Sikule (kang uga kaguneman ing Pulo Simeulue) lan basa Niyas (kang kaguneman ing Pulo Niyas ing kapernah ing sacedhaké Pulo Simeulue. Basa Simeulue saiki olèh akèh prabawa basa Acèh lan basa Malayu.

Wong Simeulue
Simalur / Simeuloë / Simulul
Long Bano / Devayan
Wong Simeulue
Wong lagi njupuk pathining sagu ing Pulo Simeulue.
Gunggung cacah jiwa
53.500
Tlatah mawa cacah jiwa akèh
Wong Simeulue Indonésia (Pulo Simeulue, Kapuloan Banyak lan Pulo Babi ing Kabupatèn Simeulue, Acèh)
Basa
Basa Simeulue, Basa Indonésia
Agama
Islam
Golongan ètnik magepokan
Wong Sigulai, wong Niyas

Wong Simeulue wiwit kasuwur ing sajagat amarga akèh banget wargané kang bisa slamet nalika kalakon lindhu lan tsunami gedhé ing Sagara Indhi ing taun 2004. Akèhing warga kang slamet amarga isih padha nggugu adat lan sajarah lésan. Sadurungé, ing taun 1908, tsunami kalakon ing Pulo Simeulue. Pitutur-pitutur ing kono nyaritakaké bab lelakon tsunami iku supaya padha prastawa tumrap bebaya kang padha ing tembé buri. Saka 78.000 gunggung wargané, mung wong 7 kang nemahi pati nalika kalakon tsunami ing surya 26 Dhésèmber 2004.

Rujukan

Tags:

Basa AcèhBasa MalayuBasa NiasPulo NiasPulo SimeulueSumatra

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Angga Aldi YunandaPiknik wudaFacebookPutri PatriciaReza RahadianTembung entarPitulungPurwakanthiNapoléon BonaparteSrabiSoenarkoKarnaAndy LauPallywoodBiruWikiSepur MalabarLadhangEris (planit)BlangkonMi ongklokDramaKarbon dioksidaBasa kramaBillie EilishTemulawakJeruk purutAhmad DahlanXXX (filem 2002)WikibooksTedhak sitènKriptonSurat LuqmanWangsalanKendhang batangan24 MèiBekakakTadashi MaedaSunan GiriSandy WalshSabuk astéroidKaskusDivisi Regional I Sumatra Lor lan AcehPuputanGlepung berasKendhangAmbaLos AngelesPerang Donya IIBumiWindows 95BinahongArimbiOrbitKrajan Sumedang LarangIsraèlIowaÈnsiklopédhiTeuku RyanSaronCristiano RonaldoWhatsAppDhomain publikBasa ngokoYusril Ihza MahendraMahfud MDSlankBale Sigala-galaAksara JawaGanjar PranowoIndonShinzō AbeAsian Football ConfederationNeptunusTahu campurKutha Batu🡆 More