Ing anatomi, urétra iku saluran sing ngubungaké kandhung kemih nuju lingkungan njaba badan.
Urétra duwé fungsi minangka saluran pangguwang ing sistem kemih utawa èkskrèsi lan sistem sèksual. Kanggo wong lanang, uga duwé fungsi ing sistem réprodhuksi minangka saluran metuné banyu mani.
Dawané urétra wong wadon watara 2,5 tekan 4 cm lan ana ing antarané klitoris lan bukaan vagina.
Wong lanang duwé urétra sing luwih dawa tinimbang wong wadon. Tegesé, wong wadon luwih duwé risiko kena infèksi kandhung kemih utawa sistitis lan infèksi saluran kemih.
Urétrané wong lanang dawané watara 20 cm lan tekan pucuk penis.
Urétrané wong lanang dibagi dadi 4 pérangan sing dijenengi selaras karo papané:
Sel èpitèl saka urétra diwiwiti minangka sel transisional sawisé metu saka kandhung kemih. Sadawané urétra disusun déning sel èpitèl mawa tingkat torak, banjur sel mawa tingkat kubis ing saceraké bolongan metu.
Ana uga klanjer urétra cilik sing ngasilaké ilu kanggo mbantu nglindhungi sel èpitèl saka urin sing korosif.
Infèksi saka urétra karan urétritis. Masalah iki luwih umum dumadi ing wanita. Urétritis iku jalaran umum saka dysuria (perih nalika nguyuh).
Sistem urin |
Ginjel | Urètèr | Kandhung kemih | Uréthral sphincter | Urétra |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Urétra, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.