Sepur Papan Anggegana Internasional Yogyakarta

Sepur Papan Anggegana Internasional Yogyakarta ya iku sepur kang duwé ancas kanggo gayutaké Setasiyun Yogyakarta - Setasiyun Waja (Purwareja) mangkat-mulih, mliginé nyengkuyung anané angkutan menyang Papan Anggegana Internasional Yogyakarta.

Sepur iki salah siji angkutan kanggo lunga menyang Papan Anggegana Internasional Yogyakarta saka punjeré kutha Yogyakarta kang adohé 42 km. Sepur iku dilakokké pisanan nalika motor mabur Citilink dimaburké pisanan ing Papan Anggegana Internasional Yoyakarta, pernahé ing tanggal 6 Mèi 2019. Ing pisanané lumaku, sepur iki ngaldhi saka Setasiyun Maguwa - Waja kanthi mangkat mulih. Sepur iki mandheg ing sawenèh setasiyun kaya ta Setasiyun Maguwa, Setasiyun Yogyakarta, Setasiyun Wates, lan Setasiyun Waja. Sepur iki lumaku adohé 49,1 km kanthi suwéné udakara 47-51 menit. Sakwisé tekan ing Setasiyun Waja, para penumpang bisa nerusaké menyang Papan Anggegana kanthi numpak Bus Damri. Sepur iki dumadi saka 4 gerbong kang duwéni fasilitas kaya ta paturasan, lungguhan, ruwang AC, lan télévisi. Menawa manggkat utawa mudhun ing setasiyun nganggo péron saklumrahé. Kapasitas lungguhan panumpang ya iku 196 kursi, lan kapasitas kanggo panumpang kang ngadeg ya iku 50% saka kapasitas nalika kebak amarga sisa kapasitas iku kanggo wadhah koper lan tas.

Sepur Papan Anggegana Internasional Yogyakarta
Sepur Papan Anggegana Internasional Yogyakarta
Sepur Papan Anggegana Internasional Yogyakarta (tengen) lan Sepur Prameks (kiwa) mandheg ing Setasiyun Yogyakarta
Informasi umum
Jinisé ladiSepur papan anggegana
SetatusIsih lumaku
Laladan operasiDaop 6 Jogja
Kang dhisikiSepur Solo Ekspres (rantaman)
Wiwit lumaku6 Mèi 2019
Operator saat iniLaladan Operasi VI Yogyakarta
Lumakuné Paladénan
Setasiyun wiwitanYogyakarta
Cacahé setasiyun kanggo mandheg3-7
Sétasiyun pungkasanWaja
Kebumèn
Akèhé lumakuKaping 12 (Yogyakarta-Waja)
kaping 2 (Yogyakarta-Waja-Kebumèn)
Nomor sepur801-824
Paladénan
KelasÈksèkutif
Tèknis sarana
Bakal pelantingKRDE gawénan INKA
Ambané sepur1.067 mm
Rikaté mlaku60-100 km/jam
Kang duwéni dalan rélDirektorat Jenderal Kereta Api

Angkutan setasiyun menyang papan anggegana

Sepur papan anggegana iki ora langsung mudhun ing papan anggegana, nanging mudhun ing Setasiyun Waja. Adohé antara Setasiyun Waja lan papan anggegana ya iku 6 km. Penumpang bisa nggunakaké sarana Bus Damri. Béya kanggo numpak bus iki udakara Rp 20.000,00. Sakliyané numpak Bus Damri, para panumpang bisa numpak taksi utawa taksi daring. Direktur Angkutan dan Lalu Lintas Dirjen Perkerataapian Kementerian Perhubungan, Danto Ristiawan medharaké ana dalan rél anyar kang dibangun kanggo langsung menyang papan anggegana kang dawané 5,7 km kang saka Setasiyun Waja. Rél iku dumadi saka 5 km rél layang lan sisané napak ing lemah. Proyèk iki diayahi nalika 2019 nganti 2020, lan rencana operasiné ng taun 2021.

Béya

Béya numpak sepur iki ya iku Rp 30.000,00 saka Setasiyun Yogyakarta menyang Setasiyun Waja, lan sewaliké. Para panumpang uga bisa mangkat saka Setasiyun Maguwa kanthi rega kang padha. Sakliyané iku béya tikèt sepur saka Setasiyun Wates menyang Setasiyun Waja lan sewaliké ya iu Rp 15.000,00.

Jadwal

  • Yogyakarta - Waja - Kebumèn
Setasiyun KA 801 KA 803
Teka Mangkat Teka Mangkat
Yogyakarta Tugu (YK) - 08.35 - 15.05
Wates (WT) 09.02 09.05 15.33 15.36
Waja (WJ) (setasiyun papan anggegana) 09.18 09.21 15.49 15.51
Kutoarjo (KTA) 09.40 09.44 16.10 16.34
Kutowinangun (KWN) Langsung mangkat 16.52 17.02
Kebumèn (KM) 10.10 - 17.19 -
  • Yogyakarta - Waja
Setasiyun KA 805 KA 807 KA 809 KA 811 KA 813
Teka Mangkat Teka Mangkat Teka Mangkat Teka Mangkat Teka Mangkat
Yogyakarta Tugu (YK) - 03.35 - 05.10 - 05.55 - 07.30 - 10.10
Wates (WT) 04.01 04.03 05.36 05.38 06.22 06.25 07.56 07.58 10.36 10.38
Waja (WJ) (setasiyun papan anggegana) 04.15 - 05.50 - 06.38 - 08.10 - 10.50 -
  • Yogyakarta - Waja
Setasiyun KA 815 KA 817 KA 819 KA 821 KA 823
Teka Mangkat Teka Mangkat Teka Mangkat Teka Mangkat Teka Mangkat
Yogyakarta Tugu (YK) - 12.20 - 12.50 - 16.40 - 19.15 - 20.10
Wates (WT) 12.46 12.48 13.16 13.18 17.06 17.08 19.42 19.45 20.36 20.55
Waja (WJ) (setasiyun papan anggegana) 13.00 - 13.30 - 17.20 - 19.57 - 21.07 -
  • Kebumèn - Waja - Yogyakarta
Setasiyun KA 802 KA 804
Teka Mangkat Teka Mangkat
Kebumèn (KM) - 10.25 - 17.40
Kutowinangun (KWN) 10.35 10.41 17.51 17.57
Kutoarjo (KTA) 11.08 11.12 18.15 18.20
Waja (WJ) (setasiyun papan anggegana) 11.31 11.33 18.39 18.41
Wates (WT) 11.45 11.48 18.54 18.56
Yogyakarta Tugu (YK) 12.16 - 19.25 -
  • Waja - Yogyakarta
Setasiyun KA 806 KA 808 KA 810 KA 812 KA 814
Teka Mangkat Teka Mangkat Teka Mangkat Teka Mangkat Teka Mangkat
Waja (WJ) (setasiyun papan anggegana) - 04.45 - 06.30 - 07.07 - 08.50 - 11.10
Wates (WT) 04.58 05.00 06.43 06.45 07.19 07.21 09.03 09.06 11.22 11.24
Yogyakarta Tugu (YK) 05.26 - 07.12 - 07.47 - 09.33 - 11.50 -
  • Waja - Yogyakarta
Setasiyun KA 816 KA 818 KA 820 KA 822 KA 824
Teka Mangkat Teka Mangkat Teka Mangkat Teka Mangkat Teka Mangkat
Waja (WJ) (setasiyun papan anggegana) - 13.20 - 15.15 - 18.05 - 20.16 - 21.30
Wates (WT) 13.33 13.36 15.28 15.32 18.17 18.19 20.28 20.30 21.42 21.45
Yogyakarta Tugu (YK) 14.02 - 15.59 - 18.45 - 20.56 - 22.13 -

Rujukan

Tags:

Sepur Papan Anggegana Internasional Yogyakarta Angkutan setasiyun menyang papan anggeganaSepur Papan Anggegana Internasional Yogyakarta BéyaSepur Papan Anggegana Internasional Yogyakarta JadwalSepur Papan Anggegana Internasional Yogyakarta RujukanSepur Papan Anggegana Internasional YogyakartaPurwarejaSepurSetasiyun YogyakartaYogyakarta

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

WunguBanjirTatune arang kranjangFriendsterEgy Maulana VikriGisella AnastasiaRawonWanabadra, Blado, BatangKerata basaMartha TilaarVladimir PutinGunung MerbabuTobey MaguireRangkaian MelatiTaling tarungMontor mabur nirawakSandhanganDua Garis BiruElipsPandhawaKebo ilang, tombok kandhangJinising paragrafSlumdog MillionaireWhitney HoustonDhandhanggulaPSV EindhovenSlankZulkifli HasanMaskumambangMikha TambayongYin lan YangGambyong pareanomGita WirjawanHappy AsmaraDhomain publikAremaKabupatèn MagetanKiyamat25 AgustusJay IdzesKerisWader cakulCoboy JuniorItriumFilem pornoOlah-olahan InggrisBiruKangen Band (Grup Musik)Gerakan Pramuka IndonesiaLechonaTèknologi informasiISBNGandane arum jambanPrasasti YupaÉjaan Basa JawaWangsalanGlepung berasJoko WidodoXbox 360KazakhstanOrong-orongIndonKim Tae-heeWadya BayaranYésus KristusTitilarasDhaptar istilah militèr Tentara Nasional IndonésiaAri SigitWinona RyderGajah MadaTora SudiroWektu🡆 More