Seoul Munmyo punika satunggaling kuil ingkang mapan wonten ing Seoul, Koréa Kidul .
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Seoul Munmyo punika jumeneng nalika jaman Dinasti Joseon ing taun 1398 lan kalebet kuil Konfusius tuwa dhéwé ing Koréa. Kuil ingkang mapan wonten ing kompleks Universitas Sungkyunkwan ugi kalebet akademi Konfusius tuwa dhéwé ing Koréa punika dipunlestantunaken déning Pamaréntah Koréa Kidul minangka Situs Bersejarah nomer 143 .
Seoul Munmyo | |
---|---|
Hangul | 서울 문묘 |
Hanja | 서울 文廟 |
Alihaksara Koréa Kang Sinampurna | Seoul Munmyo |
McCune–Reischauer | Sŏul Munmyo |
Seoul Munmyo punika Munmyo kapisan ingkang jumeneng nalika masa Dinasti Joseon. Munmyo utawi Kongmyo (Hanzi:文廟/孔廟 Wen Miao utawi Kong Miao ing Basa Cina) kalebet kuil ingkang dipunyasa déning para penganut Konfusianisme minangka pakurmatan dhateng Konfusius lan para pendhèrèkipun.. Sasampunipun madegipun Seoul Munmyo, kathah Munmyo sanèsipun ingkang dipunyasa ing Koréa kanggé miyaraken piwulangan lan pendidikan babagan Konfusianisme.
Pembangunan kuil Seoul Munmyo wiwit dipunrencanakaken nalika taun 1304 awit saking prakarsanipun ilmuwan An Hyang (1243-1306) lan kapungkasan ing taun 1398 ing taun kaping 7 masa papréntahan Raja Taejo. Sasampunipun pérangan yasan utama sanèsipun kapungkasan anggènipun damel konstruksi kados Astana Gyeongbok, Kuil Jongmyo, lan Altar Sajik.
Kuil Seoul Munmyo naté kobongan boten dangu sasampunipun pungkasan anggènipun yasa inggih punika ing taun kaping 2 masa papréntahan Raja Jeongjong ing taun 1402. bibar punika dipunyasa malih ing taun 1407, taun kaping 7 Raja Taejong. Nalika masa papréntahan Raja Yeonsangun, kuil punika dados kandhang kéwan lan papan hiburan. Ing masa papréntahan salajengipun inggih punika Raja Jungjong ngonduraken malih fungsi kuil punika kados purwanipun. Nanging risak malih amargi prastwa Perang Imjin ing taun 1592. Kala punika, boten namung kuil Seoul Munmyo kemawon ingkang risak sanget, nanging kathah yasan utama ing kutha krajankados Astana Gyeongbok lan Kuil Jongmyo. Nembe wonten ing taun 1606, ing taun kaping 39 masa papréntahan Raja Seonjo, Munmyo lan yasan utama sanèsipun dipunrestorasi malih. Restorasi ageng dhateng arsitèktur Kuil Seoul Munmyo dipunlajengaken malih ing taun 1869, taun kaping 6 papréntahan Raja Gojong.
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Seoul Munmyo, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.