Taman kanak-kanak Raudatul athfal Klompok bermain
Artikel iki arupa bagéyan saka sèri Pendhidhikan ing Indonésia | |
Pendidikan anak usia dini | |
---|---|
Pendhidhikan dhasar (Kelas 1-6) | |
Pendhidhikan dhasar (Kelas 7-9) | |
Sekolah menengah pertama | |
Pendhidhikan menengah (Kelas 10-12) | |
Sekolah menengah atas/kejuruan | |
Pendhidhikan dhuwur | |
Perguruan tinggi |
Sekolah dhasar (dicekak SD;Basa Inggris:Elementary School) iku jenjang paling dhasar sajeroning pendhidhikan formal ing Indonésia. Sekolah dhasar ditempuh ing dalem 6 taun, wiwit saka klas 1 nganti klas 6. Saiki murid klas 6 diwajibak mèlu Ujian Nasional (biyèn Ebtanas) sing mengaruhi kalulusan siswa. Lulusan sekolah dhasar bisa nerusaké pendhidhikan menyang sekolah menengah kapisan (utawa sadrajat).
Pelajar sekolah dhasar lumrahé umur 7-12 taun. Ing Indonésia, saben warga nagara umur 7-15 taun wajib mèlu pendhidhikan dhasar, yaiku sekolah dhasar (utawa sadrajat) 6 taun lan sekolah menengah kapisan (utawa sadrajat) 3 taun.
Sekolah dhasar diadani déning pamaréntah utawa swasta. Wiwit lumakuné otonomi laladan ing taun 2001, pengelolaan sekolah dhasar nagari (SDN) ing Indonésia sing sadurungé ana sangisoré Departemen Pendhidhikan Nasional, saiki dadi tanggung jawab pamaréntah laladan kabupatèn/kutha. Déné Departemen Pendhidhikan Nasional mung dadi regulator sajeroning babagan baku nasional pendhidhikan. Sacara struktural, sekolah dhasar nagari minangka unit pelaksana teknis dinas pendhidhikan kabupatèn/kutha.
Ing jaman panjajahan Walanda, sekolah menengah tingkat atas diarani Europeesche Lagere School (ELS). Sawisé iku, ing mangsa panjajahan Jepang, ingaran Sekolah Dhasar (SD).
Sawisé Indonésia mardika, SD owah dadi Sekolah Dhasar (SD) ing tanggal 13 Maret 1946.
Pendhidhikan dhasar di Indonésia padha dhasarnya dibedakan menjadi dua yaiku yang dikelola déning pamaréntah biasanya ingaran Sekolah Dhasar Negeri dan Madrasah Ibtidaiyah Negeri sedang yang kedua dikelola déning masarakat biasanya ingaran Sekolah Dhasar Swasta dan Madrasah Ibtidaiyah Swasta. SD dibawah lingkup Depdiknas sedang MI dibawah lingkup Depag. disamping itu ada pula sekolah dhasar dibawah lingkup Depdiknas berciri kas agama dengan sebutan Sekolah Dhasar Islam utawa Sekolah Dhasar Kristen,dll.
Amerga letak géografis Indonésia, dadi masalah sing gedhé dhéwé yaiku pemerataan guru ing laladan-laladan kang terpencil. Parahe manèh, déné pamaréntah nyebutna manawa akèh guru sing wis diangkat dadi PNS, nanging isih akèh uga guru kang durung kaangkat dadi PNS. Ditambah manèh ana uga guru sing digaji namung +Rp. 100.000,-sesasi.
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Sekolah dhasar, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.